Mbengi iki aku pancen ora bisa turu tenan. Kawit bar Isya aku njajal merem nanging isih wae ora bisa turu. Pikiranku isih tumuju marang wong lanang kang mau awan tak temoni ing sacedhak’e lapangan. Aku ora kelingan babar blas dening wong lanang mau, nanging dheweke ngaku yen kenal marang aku. Aku wis nyoba ngeling-eling wong lanang mau, nanging aku pancen ora kenal. Yen aku ora salah, wong lanang mau jenenge Bagus. Pancen rupane Bagus kaya jenenge. Bagus mau uga ngerti jenengku lan omahku.
Aku
ngrasa yen durung tau ketemu Bagus, nanging nalika aku pethukan Bagus, aku
ngrasa dheg-dhegan banget. Rasane kaya
wis tau cerak karo Bagus. Mula iku saiki aku ora bisa turu jalaran kepikiran
cah lanang kang jenenge Bagus mau.
“Nduk,
durung turu ta?” Pitakone ibu nalika mlebu kamarku.
“Dereng
Bu, dereng ngantuk,” wangsulanku.
“Napa
Nduk?”
“Boten
napa-napa Bu?”
“Ra usah
goroh karo ibu. Ana apa ta cah ayu, kandha karo Ibu”. ngendikane ibu karo
ngelus-elus rambutku kang dawa.
“Bu,
njenengan napa ngertos mas Bagus?”
“Bagus
endi Nduk?”
“Nika lho
bu, tiyange tasih enem kados kula. Tiyange ugi Bagus, resik…”
“Owalah,
Bagus sing kae. Iya Nduk, ibu ngerti. Ana apa ta?”
“Wau kula
kepanggeh kalian mas Bagus niku. Lajeng tiyangipun nimbali kula, piyambakipun
ngertos kula bu. Ananging kula mboten kemutan kalian mas Bagus niku.”
“Lha iya
bocahe kenal karo kowe Nduk, omahe ya mung ngarep kuwi. Sak ngerepe omahe bu
solikhah iku lho Nduk.”
“Oh,
inggih bu, kula ngertos. Bu solikhah ingkang gadhah toko sembako nika ta?”
“Iya
Nduk.”
“Bu, kula
kok saged boten kemutan kalian mas Bagus nggih?”
“Ya wajar
wae ta, kowe lak amnesia seplok kecelakaan nalika ning Surabaya kae,
dadi ya memper yen kowe ora kelingan. Karo ibu lan bapak wae kowe lali ta?”
“Inggih
bu, nanging nalika kepanggeh kaliyan mas Bagus niku, kula kadose nate kenal
piyambake”
“Lha iya
mesti kenal ta, wong bocahe kancamu sekolah kawit SD nganti SMA kok”
“Oh,
ngoten bu. Lajeng saniki piyambakipun kuliah wonten pundi Bu?”
“Lha bocahe kan ora kuliah nanging kerja nerusake
bisnis wong tuwane kang ana ing Jakarta. Lha biyen lak ya kowe ta Nduk sing
crita karo Ibu?”
“Napa
enggih Bu? Kula supe Bu?”
“Ya wis,
ra usah dipikir. Teka alon-alon wae anggonmu ngeling-eling. Saiki turu wae
Nduk, wis bengi.”
“Nggih
Bu”
Ibu
banjur mateni lampu kamar lan metu saka kamarku. Sawetara aku ora bisa turu,
isih wae kelingan karo wong lanang kang jenenge Bagus mau.
***
“Nduk, aduse
aja suwe-suwe” ature ibu nalika aku lagi adus.
“Inggih
bu, sekedhap malih”
“Mengko
yen wis rampung, kowe nyusul wae ning mesjid ya cah ayu.”
“Nggih
Bu”
Aku ora
krungu suarane ibu. Kayane ibu wis tindak mesjid kanggo ngeterake panganan kang
wis digawe kawit esuk mau. Panganan mau kanggo nyuguhi wong-wong lanang kang
lagi kerja bekti ngresiki mesjid. Ing desaku pancen saben minggune dianakake
gotong royong. Gotong royong mau bisa awujud ngresiki mesjid utawa ngresiki
lapangan kang ana ing desa. Utawa gotong royong ngrewangi salah sijine warga
kang lagi nandang gawe.
Sawise
rampung adus lan dandan saperlune, aku banjur nusul ibu ing mesjid. Ing mesjid
wis akeh wong-wong kang lagi nyekel gaweane dhewe-dhewe. Nalika tekan kono, aku
ketemu Nina. Nina iku kancaku dolan nalika aku cilik. Saiki Nina kuliah padha
aku, nanging ing universitas kang beda. Nina kuliah ing Semarang, dene aku ing
Surabaya. Nina lan aku padha-padha lagi prei kuliah.
Nalika
ketemu Nina pisan, ora beda karo aku yen ketemu wong-wong liyane. Aku uga lali
karo Nina kang ngakune kanca cerakku. Nganti saiki aku pancen durung kelingan
karo Nina, mula Nina kerep crita apa kang biyen aku lan dheweke tau lakoni.
“Na, aku
meh takon kowe”
“Takon
apa ta?”
“Kowe
kenal mas Bagus?”
“Bagus…
oh, Bagus sing kancane dhewe kae?”
“Iya na,
kowe kenal ta?”
“Iya
kenal. Ana apa ta?”
“Na, aku
kok ngrasa aneh ya yen ketemu bocahe”
“Aneh
piye ta ra?”
“Aku kaya
wis tau kenal karo mas Bagus kae”
“Lha iya
mesti kenal ta Ra, wong awakedhewe kanca bareng sekolah, omahe ya cerak, dadi
ya mesti kerep ketemu. Nak ngono kuwi arep rak kenal piye?”
“Ah kowe
ki kok. Aku ki pengen ngerti apa ndhisik aku wis tau cerak mbek bocah kae?”
“Cerak
piye ta?”
“Ah. Yo
wis lah nak ora mudheng”
“Eh, eh,
aja nesu ta.”
“Lha kowe
ngono kok Nin.”
“Iya,
iya, kowe pengene aku crita apa?”
Durung
kober aku njawab pitakone Nina, aku ditimbali ibu.
“Nduk
Ira, Nina, mrene ibu njaluk tulung”
“Inggih
Bu” wangsulanku banjur nyeraki ibu.
“Enten
menapa Bu?”
“Iki
wedange tulung gawa nawek bapak-bapak kae.” Wangsulan ibu karo menehake baki
kang isine wedang.
“Nduk
Nina, iki panganane uga wenehake bapak-bapak kae ya, ben padha ngaso ndhisik.
Ya wis kana mangkat”
“Nggih
Bu” wangsulanku lan Nina bareng.
Aku lan
Nina banjur nggawa wedang lan panganan mau marang bapak-bapak kang isih kerja
bakti durung leren kawit esuk.
“Bapak-bapak,
menika unjukan kalian kudhapanipun, sumangga dipunsekecakaken” aturku marang
bapak-bapak kang banjur leren kerja bakti lan mara marang aku lan Nina. Aku lan
Nina banjur menehake wedang lan panganane kanggo bapak-bapak mau. Nalika aku
lagi menehake wedang, aku weruh Bagus. Dheweke ngulungake tangane, nunggu aku
menehake wedange. Nalika kuwi aku ngrasa dheg-dhegan dadi wedang kang tak
cekeli wutah ing tanganku dhewe.
“Aaaa….” Aku
bengok jalaran wedang kang wutah kuwi isih rada panas.
Bagus
kang weruh kedadeyan mau cepet-cepet nyekel tanganku banjur aku diseret nuju
kolah kanggo wudhu ing mesjid kono. Tanganku kang isih dicekeli Bagus banjur
diwasuh nganggo banyu keran.
“Pripun Nduk
Ra? Tasih panas?”
Aku
gedhek-gedhek nyauri pitakonan Bagus. Bagus banjur ngeculake tanganku lan
ninggalke aku ing kono.
“Mas?”
Celukku nalika mas Bagus durung adoh.
“Pripun?”
“Matur
nuwun mas”
Bagus
mung ngguyu, ora sumaur apa-apa. Nalika bocahe arep mlengo lan lunga, aku
nyelukke meneh.
“Mas?”
Mas Bagus
noleh maneh, nanging ora ngomong apa-apa. Awake nunggu aku ngomong ndhisik.
“Njenengan
asmanipun Mas Bagus?”
Wong
lanang ing ngarepku mau mung manthuk. Ora nyauri apa-apa. Aku padha meneng, ora
ngerti arep ngomong apa jalaran isih ngrasa dheg-dhegan.
“Pripun
Nduk Ra? Wonten napa?”
Aku
krungu wong Bagus kuwi takon marang aku, nanging aku durung semaur.
“Nduk
Rara?”
“Eh,
nggih Mas Gus” semaurku rada kaget.
“Wonten
napa?” Takone alus.
“Oh, mboten
Mas. Kula permisi rumiyin.” Jawabku karo ninggalke wong mau.
***
Bengi
kuwi aku njagong ing pinggir jendhela kamarku karo ndeleng lintang kang katon
endah ing wengi kang peteng tur sepi. Saka kadohan aku weruh ana wong kang
mlaku lan nyeraki omahku. Wong mau saya cerak lan tumuju ing panggonku kang
lagi methingkring ing jendhela kamarku. Aku gage-gage mudhun banjur nutup
jendhela mau. Ora let suwe ana kang ndhodhok jendhela mau. Amarga aku wedi, aku
malah ngancingi jendhela mau lan ngadek mungkuri jendhela.
Jendhela
kamarku bola-bali didhodhok, nanging saiki karo ana wong kang ngomong saka
njaba.
“Nduk
Rara…”
Aku isih
ngadek nggejejer ing kono lan ora obah babar blas.
“Nduk
Rara, niki kula Mas Gus”
Aku
krungu suara mau kang nyebut jenengku. Suara mau ora lirih, nanging uga ora
sero. Aku paham suara mau, aku ngerti sapa kang ana ing njaba jendhela kamarku
kuwi. Nanging aku tetep isih wedi mbukak jendhela.
“Nduk
Rara, saged bikak jendhelanipun? Wonten ingkang badhe kula ngendikakaken
kaliyan njenengan.”
Aku
banjur mbukak jendhela alon-alon. Nalika jendhela mau tak bukak, aku weruh
bocah lanang bagus rupane. Aku ngerti sapa wong kang lagi ana ing ngarepku.
“Dereng
sare Nduk?” Pitakone karo munggah ing pinggir jendhela kaya aku mau.
“Dereng
mas” semaurku kang isih ngadek ing mburi jendhela.
Aku lan
Bagus padha dene meneng. Padha dene ndelokake lintang kang werna-werna rupa lan
gedhene.
“Nduk,
weruh lintang kang rupane biru kae?” Pitakone karo nuduh salah siji lintang.
“Inggih
mas” semaurku delokake lintang kang dituduhake.
“Lintang
kae ngelengake aku karo salah siji wong”
“Sinten
mas?”
“Ana lah
pokok’e”
“Jaler
napa estri mas?”
“Estri”
Aku ora
semaur jalaran wis ngrasa ngantuk.
“Bocah
kae pancen bisa wae gawe aku nandang kangen” critane.
“Huaaaahhh”
“Ngantuk
ya Nduk?”
“Eh..
Inggih mas”
“Ya wis,
ndang sare mawon”
“Ngapunten
mas,”
“Iya ora
papa. Jendhelane ditutup ya Nduk”
“Inggih
mas” wangsulanku karo nutup jendhela siji.
“Eh,
Nduk, mbesuk ana acara apa ora?” Pitakone sadurunge aku nutup jendhela sijine.
“Kadose
mboten wonten mas, pripun?”
“Ngancani
aku mlaku-mlaku gelem ra?”
“Tabuh
pinten mas?”
“Ya
mbesuk tak ampiri” jawabe karo lunga ninggalake latar omahku.
Weruh
tamuku wis lunga, aku banjur nuju paturonan, ora mikir apa-apa maneh banjur
turu nglempus.
***
Esuke
nalika aku bar wae adus, ibu mlebu kamarku.
“Meh
lunga nang ndi Nduk?”
“Mboten
kok bu”
“Tenane?”
“Inggih
bu”
“Lha kae
wis dampiri karo den Bagus”
“Mas
Bagus Bu?”
“Lha iya.
Den Bagusmu kae.”
“Mas
Bagus sampun mriki bu?”
“Iyaaa..
Mas Bagusmu wis ngampiri. Jare meh ngajaki awakmu lunga.”
“Angsal
Bu?”
“Piye
ya?” Ibu mikir-mikir. Banjur ngguyu. “Iya, oleh kae cah ayu”
“Bapak
pripun Bu?”
“Nalika
nak Bagus njaluk ijin, bapakmu sarujuk kok Nduk”
“Enggih
Bu?” Takonku mesem.
“iya. Lha
kae bapak karo nak Bagus lagi padha unjukan nang ngarep”
Aku
ngguya-ngguyu seneng jalaran oleh ijin saka wong tuwaku.
“Ya wis
Nduk, ndang ganti klambi, tata-tata, mesakke nak Bagus yen ngenteni suwe.”
Pangucape ibu karo metu saka kamarku.
Sawise
siap, aku age-age nemoni mas Bagus kang lagi omong-omongan karo bapak ibuku.
“Wis siap
Nduk?” Pitakone ibu.
“Sampun
Bu”
“Pak, Bu,
kula pamit badhe ngajak Rara mlampah-mlampah rumiyin” pamite mas Bagus karo
wong tuwaku.
“Ya nang,
ngati-ati anggone nggawa motor ya” ngendikane bapak.
“inggih
Pak” semaure mas Bagus mesem.
“Eh ya
Nduk, aja lali nggawa helm” pesene bapak karo aku.
“Inggih
Pak, niki sampun mbeta” semaurku karo nuduhke helm kang wis tak cangking.
Sawise
pamit salaman karo bapak ibu, aku banjur munggah ing motore mas Bagus.
“Mas,
badhe tindak pundi?” Pitakonku nalika motore wis mlaku.
“Nduk
Rara pengene pripun?”
“Kok
kula? Lak mas Bagus ingkang ngajak kesah kula”
“Nggih
menawi Nduk Rara pengen tindak pundi.”
“Ah, kula
mboten ngertos mas. Kula ndherek njenengan mawon.”
Ing
dalan, akeh kang tak omongke karo mas Bagus. Aku ngrasa seneng nalika bisa ing
cerake mas Bagus. Rasane ati iki ayem sanajan aku lali kabeh kang wis tau tak
lakoni bareng mas Bagus.
Saksuwene
nyepedha motor wis ana sejam, nanging mas Bagus durung ngandheke motore.
“Mas,
napa tasih tebih?”
“Mboten.”
Aku ora
semaur, banjur melu nggatekake dalan meneh. Dalan kang rame dening wong-wong
kang padha kepengin njlajahi kota Jogja.
Ora
nganti 10 menit, mas Bagus ngendhekake motore.
“Wis
tekan Nduk”
Aku
banjur mudhun saka motor. Sawise menehake helm karo tukang parkir, mas Bagus
age-age nggandheng tanganku lan ngajaki aku mlaku. Aku sing digandheng mung
manut-manut wae.
“Mas, kok
mboten ngendika menawi badhe ngajak kula ting pantai” pangucapku isih
digandheng mas Bagus nyeraki banyu pantai.
“Lha
tek’e napa?”
“Kula
mboten mbeta kaos ganti ta mas. Mangke menawi teles pripun?”
“Ya
mengko aku tukokke kaos ya.”
“Ah mas
niku kok ngoten.”
“Lha terus
piye?” Takone mas Bagus karo mlengo awakku kang kawit mau ana mburine.
Aku kang
didelok kaya mengkono malah ora bisa semaur, age-age tumungul. Ngerti aku kang
kaya mengkono, mas Bagus nggatekake ngarep meneh.
Mas Bagus
ora sida ngajaki aku menyang pinggir pantai, nanging malah menggok ing wong
bakul kaos.
“Miliha
sing Nduk Rara seneng, mangke mas Bagus sing mbayar” ature mas Bagus karo
miluh-milih kaos kang cocok kanggo aku.
Durung
aku sumaur, mas Bagus wis nuduhake kaos kang warna biru enom werna kasenenganku.
Mas Bagus ora takon apa-apa, mung nuduhake kaos mau banjur lunga menyang kasir
kanggo mbayar. Mas Bagus kaya-kaya wis ngerti yen aku bakale sarujuk karo
pilihane. Nalika mas Bagus menyang kasir, aku ndelok-ndelok kaos kang werna lan
gambare persis karo kang dipilih mas Bagus mau, nanging iki kaos kanggo tiang
jaler. Aku banjur njupuk kaos mau lan tak gawa menyang kasir. Mas Bagus kang
weruh aku nggawa kaos kuwi mung mesem, banjur mbayari kaos kang tak gawa ora
nganggo takon apa-apa karo aku.
Sawise
ganti kaos lan clana cekak, aku lan mas Bagus nyeraki banyu kang kawit mau wis
ngawe-awe.
“Nduk,
aja nengah-nengah lho” bengoke mas Bagus kang isih ana pinggiran.
“Napa ta
mas? Menapa njenengan mboten saged nglangi?” Semaurku karo ngguyu ngakak.
Mas Bagus
saya nyeraki awakku kang sansaya nengah ing banyu kang jero. Aku mung
ngguyu-ngguyu weruh mas Bagus kang ora bisa nyekel awakku. Aku nglangi meneh
ing banyu kang luwih jero. Nalika aku ndelok mburi, aku wis ora weruh mas
Bagus. Aku clingak-clinguk nggoleki mas Bagus, nanging ora ketemu. Nalika aku
wis ora weruh mas Bagus, aku dadi bingung
“Mas
Bagus?” Bengokku.
Aku
nglangi nuju pinggir, isih karo nggoleki mas Bagus. Aku wedi yen mas Bagus
teka-teka klelep. Aku banjur eling wekase mas Bagus, uga semaurku mau.
“Astaghfirullah.
Apa mas Bagus ora bisa nglangi?”
“Mas
Bagus?” Bengokku isih nggoleki mas Bagus.
Aku mlebu
njero banyu, menawa mas Bagus pancen ora bisa nglangi banjur awake klelep.
Ra let
suwe aku weruh ana wong lanang ana njero banyu, lan tenan wae, wong mau mas
Bagus. Weruh mas Bagus kang wis semaput, aku sansaya kuwatir. Aku wedi mas
Bagus kenapa-napa. Nalika kuwi aku kaya-kaya ora pengin kelangan mas Bagus. Aku
age-age nyekel awake banjur tak gawa ing pinggir pantai. Wong-wong kang weruh
aku lagi nulungi wong klelep, banjur padha nulungi aku lan mbopong awake mas
Bagus.
“Mas
Bagus” undangku nalika mas Bagus wis diturokke ing pinggir.
Nanging
mas Bagus ora semaur, ora melek. Dhadhane mas Bagus wis diteken-teken karo wong
lanang kang ana ing kono. Nanging mas
Bagus ora ndang eling. Weruh kang mengkono kuwi aku malah nangis, aku ora
pengin kelangan mas Bagus. Aku isih pengen bareng-bereng mas Bagus. Nganti
20menit mas Bagus durung eling. Aku sansaya nangis ora tegel. Wong-wong ing
sacedhakku padha ngeneng-nengi, nanging aku ora ngrewes. Pikiranku mung ing mas
Bagus kang isih lemes turu ing dhuwurr wedhi.
Wong
lanang kang isih nyoba ngetokake banyu saka dhadhane mas Bagus isih durung
nyerah. Ra suwe krungu watuke mas Bagus kang banjur ngetokake banyu. Aku
sumringah banjur ngekep awake mas Bagus kang isih lemes uga awake rupa wedhi.
“Mas gus,
ampun kados mekaten malih. Rara mboten pengin kelangan njenengan” maturku karo
nangis.
“Nduk
Rara sampun enget kalian kula?” Semaure mas Bagus karo ndeloke rupaku kang
kebak dleweran uloh.
Aku mung
manthuk nyemauri pitakone mas Bagus. Aku eling yen mas Bagus kuwi sisihanku
kang tak tinggal kuliyah ing Surabaya. Aku uga kelingan yen mbiyen mas Bagus
wis tau ngajak aku ing pantai iki lan klelep kaya kedadeyan kang entes wae tak
lakoni.
“Nduk,
mangke kula badhe matur kalian bapak ibu menawi awakedhewe sampun tepang” ature
mas Bagus nalika lagi maem ing warung.
“Nggih
mas, kula sarujuk, riyen kita dereng estu ngendika kalian bapak ibu menawi
sampun tepangan kawit SMA” semaurku mesem.
“Lha iya
durung sida matur. Wong rencanane yen Nduk rara wangsul wulan iki, awakedhewe
bakal matur bapak ibu Nduk rara, nanging malah Nduk rara amnesia barang
kok” ature mas Bagus karo ngguya-ngguyu lan njiwit pipiku kang tengen. Aku mung
mesem nanggepi Mas Gus
Tidak ada komentar:
Posting Komentar