- Alise : nanggal sapisan
- Astane : nggandewa gadhing
- Athi-athine : ngudhup turi
- Awake : ramping
- Bangkekane : nawon kemit
- Bathuke : nyela cendhane
- Bokonge : manjang ngilang
- Brengose : nglaler menclok, nguler keket
- Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
- Dedege : ngringin sungsang
- Drijine : mucuk ri
- Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
- Godheke : simbar rumembun
- Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
- Idepe : tumenga ing tawang
- Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
- Jangkahe : njalak njrinjing
- Jempolane : ngendas ula
- Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
- Lakune : mager timun, macan luwe
- Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
- Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
- Lengene : nggandhewa pinentang
- Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
- Netrane : liyep alindri
- Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
- Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
- Pawakane : ramping, gagah pidegsa
- Pipine : duren sajuring
- Polatane : ruruh jatmika
- Praene : sumunar
- Pundhake : nraju mas
- Pupune : mukang gangsir
- Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
- Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
- Slirane : sedhet singset
- Solahe : merak ati
- Susune : nyengkir gading
- Swarane : ngombak banyu
- Tangane : nggendewa pinentang
- Tungkake : bunder lir jinangka
- Untune : miji timun, ngelar kombang
- Ulate : sumeh / sumunar
- Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
- Watake : andhap asor
- Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir
Minggu, 28 Juni 2015
Chandrane Manungsa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar