A. Pangerten :
Macapat yaiku tembang utawa geguritan gagrag lawas ing tlatah Jawa kanthi paugeran-paugeran tinamtu ing pupuh/pada (bait), yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
B. Sajarahe Macapat :
Nganti saiki isih angel dilacak sajarahe kanthi cetha. Miturut Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan.

Dikira-kira yèn tembang macapat wis
ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki
adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643
J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum
macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh
geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung
lan macapat.
Jroning Mbombong manah I (
Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11
metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka
Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber
liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara
wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri
Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan
Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan
Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja.
Nanging miturut kajian ilmiah ana
loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan
mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan
panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé
macapat adhedahsar perkembangan basa.
C. Jinis-Jinise Macapat :
- Maskumambang
- Mijil
- Sinom
- Kinanthi
- Asmarandana
- Gambuh
- Dhandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
D. Maknane Tembang Macapat :
Macapat iku gambarake utawa pralambange lelakone manungsa wiwit ing kandhungane kanjeng ibu nganti tumekaning kandhunganing sitining bumi alias seda (mati). Urut-urutane kaya mangkene :
1. Maskumambang:

Gambaraké jabang bayi sing isih ana
kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung
weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané
ibuné.
2. Mijil:
Ateges wis lair ing ngalam donya lan
wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom:
3. Sinom:
Ateges kanoman, minangka kalodhangan
sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi:
Saka tembung kanthi utawa nuntun
kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana:
5. Asmarandana:
Ateges rasa tresna, tresna marang
liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh:
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang
ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita
sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula:
Nggambaraké uripé wong kang lagi
seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo,
duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa diarani lagi ndandanggula.
8. Durma:
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen
wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra
liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma /
wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama
lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur:
Saka tembung mungkur kang ateges
nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang
sapadha-padha.
10. Megatruh:
Saka tembung megat roh utawa pegat
rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha
Kuwasa.
11. Pocung:
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori
putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar