Minggu, 28 Juni 2015

GAYA BAHASA UTAWI LELEWANING BASA



                      Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa minggunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu. Ingkang kalebu gaya bahasa inggih punika:
1. Sinonim
Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen ingkang sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah, umpaminipun:
a. Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi sastra.
b. Dasamuka rau Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra).
Tuladha tembung sinonim:
mitra = kanca
gagah = prakasa
becik = apik
cuwa = gela
keduwung = getun
dongeng = crita
juru = tukang
luwe = ngeleh
macak = dandan
mempeng = sengkut
2. Asimilasi
Asimilasi inggih punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun
jayeng (jaya + ing)
narpati (nara + pati)
mahasri (maha + asri)
prapteng (prapta + ing)
3. Metafora
Metafora inggih punika ugel-ugelipun mawi pepindahan (diumpamakake), limrahipun ingkang kapendhet sipatipun ingkang kangge pepindhan wau, umpaminipun:
a. Angluberna samodraning pangaksami.
b. Arjuna punika lelancuring jagad.
c. R. Setyaki sapukawating praja Dwarawati.
d. Rr. Sumi dadi kembang ing desa Gondosari.
4. Alegori
Alegori inggih punika metafora ingkang dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang, umpaminipun:
a. Gesang manungsa punika palwa umpaminipun, dipunombang-ambingaken  alun ing samudra, katempuhnipun tuwin boten waspada, saged kalempun baita utawa sumyur ing padrus karang jawa.
b. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing, umpaminipun:
–      Lintang : pangabekti mring gusti allah
–      Rente : keadilan sosial
–      Rambu-rambu lalulintas lsp.
5. Personifikasi
Personifikasi inggih punika sami kaliyan pepindhan janma jawa, tuladhanipun:
a. Sumpahe sineksenan bumi langit
b. Begawan solo lampahipun manger, menggak-menggok marang parenden.
c. Gunung Merapi yen gelem watuk ngegirisi.
6. Metonimia
Metonimia punika linta-lintunipun nami, umpaminipun:
a. Le, aku tulung tukokna jarum (merk rokok) isi rolas.
b. Remenipun ngunjuk fanta (unjukan numan).
c. Wingi ana Ramayana (bis Ramayana) tubrukan kaliyan Arjuna (bis Arjuna).
7. Hiperbola
Hiperbola punika ugel-ugelan mawi pepindhan ingkang keladuk, umpaminipun:
a. Swarane kaya mbelahna bumi.
b. Ngendikane sora kaya bledeg.
c. Lakune kaya kilat.
8. Ironi
Ironi inggih menika nyariosaken kosok wangsulipun minangka pangece, umpaminipun:
a. Loma banget sliramu, sedulurmu kesusahen kok saksen bae ora.
b. Sregep tenan, angger jam 11 lagi wae ngantor.
9. Antitese
Antitese inggih unenunen kang awujud mawa surasane kosok balen, umpaminipun:
a. Rina wengi anggenku ndongake kowe.
b. Gedhe cilike kowe kuwi ya kaya ngono ta!
c. Enom tuwo padha nonton, layar tancep ana desa kae.
10. Euphesisme
Euphesisme inggih punika unen-unen kang surasa basane luwih alus (tembung rinengga), umpaminipun:
a. mati                       = murud ing kasadean jati/ tilar donya.
b. dadi manten          = nambut silaning akrami.
11. Anamatope
Anamatope inggih punika tembung kang mratelake jeneng metu saka uni utawa swarane. Tuladha:
a. Bedhug saka swara dhug-dhug.
b. Emprit saka swara prit-prit.
c. Kenthongan saka swara thong-thong.
12. Epitesis
Epitesis inggih punika wuwuhing aksara ing sjroning tembung. Tuladha:
a. Amarta → Ngamarta
b. Yogya → Ngayogya
c. Setyaki → Sencaki
d. Sikandhi → Srikandhi
13. Metamefesis
Metamefesis inggih punika linta-lintunipun panggonaning aksara ing tembung. Tukadha:
a. arca = reca
b. ardi = redi
c. almari =lemari
d. raksasa = raksasa
14. Klimaks
Klimaks inggih punika saya dangu saya sanget saya hebat, umpaminipun:
a. Ora usah adhimu, kakangmu, sak bapakmu pisan aku ora wedi.
b. Aja kok sing lara, mati dak ujudi.
15. Anti Klimaks
Anti Klimaks inggih punika dhapukaning tembung kang mratelake saya suwe ora saya banget. Tuladha:
a. Apa maneh satus, sepuluh, serupiah, sasen bae aku ora duwe.
b. Sawane omahe, nganti tekan sandhangan entek amarga kalah maen.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar