Cerita cekak utawa biyasa sinebut
kanthi cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran.
Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing
saperangan uripe. Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana
unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik.
Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1. Tema.
Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1. Tema.
Yaiku sing dadi underane prakara
crita. Ing basa indonesia diarani ide utawa
gagasan pokok cerita.
Tuladhane: kamanungsan, kabudayan,
kasusilan, sesrawungan, lsp.
.2. Paraga.
Yaiku pelaku utawa pawongan kang
mbangun cerita. Tegese
pawongan sing dadi tokoh sak jroning cerita.
Paraga kaperang dadi loro, yaiku;
- paraga pokok (tokoh utama)
- paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
Dene miturut watak utawa sifate paraga
kaperang dadi telu antarane:
- Protagonis.
Paraga kang duweni watak apik kayata; jujur, adil, sabar,
sregep, lsp.
- Antagonis.
Paraga kang duweni watak ala,kayata; galak, pelit, seneng
ngapusi, lsp.
- Tritagonis.
Paraga kang dadi panengahe antarane tokoh protagonis lan
antagonis. Bisa apik ya bisa ala.
3. Watak.
- Yaiku tandha-tandha kang diduweni paraga, antarane yaiku:
1)
Tandha fisik
·
dhuwur,
·
lemu
·
pesek, lsp
2) Tandha non-fisik
·
galak,
·
sumeh,
·
grapyak,
·
pinter, lsp
- watak paraga sak jroning cerkak iku bisa kagambarake lumantar:
1)
Ditulis langsung dening pengarang utawa penganggite.
2) Saka solah bawa, polah
tingkahe
3) Pangucapane ,
omong-omongane, alus utawa kasar tetembungan nalika wicara
4) Kahanan badan salira ,
dedeg piadeg, praupan, nyandhang panganggone.
5) Gagasan-gagasan ,
pikiran-pikirane.
6)
Rerasane (perbincangan) paraga liyane
4. Setting/Latar
Yaiku papan, wektu lan suasan kadadeane sak jroningcerita tuladhane:
- Papan : pasar, sawah, dalan, kantor.
- Wektu : esuk, awan, sore, bengi
- Suasana : sepi, rame, medeni, lsp
5. Pamawas utawa Sudut pandang (point of view)
Yaiku mapane pengarang/penulis ing cerita. Sudut pandang ing cerkak ana loro yaiku:
- sudut pandang wong kapisan
Titikane sudut padang wong kapisan yaiku paragane;
aku/gue/beta lsp. Sudut pandang wong kapisan ana loro yaiku;
1.
Wong kapisan pelaku
utama

Aku wes telung jam nunggu Sisri ing ngarep omahku, atiku
mangkel amarga Sisri wes mlenjani janjine dewe. Urung ilang lara atiku merga
utange wingi sing durung disaur malah ditambahi maneh.
2.
Wong kapisan pelaku
sampingan.

Aku weruh Santi mlaku karo Anton ana ini taman kota,
Santi sajak seneng banget merga bar ditukoke jam tangan sing regane telungatus
ewu. Anton uga sajak seng merga jam sing ditukoke saka gajine bisa gawe seneng
Santi
- Sudut pandang wong katelu
titikane sudut pandang wong katelu yaiku paragane;
deweke, jeneng wong ( Agus, Nanik, Sutris). Sudut pandang katelu ana loro
yaiku;
1.
Wong katelu terbatas.

Deweke nggowo tas werna abang lan ngganggo topi biru,
kulite ireng, mripate sajak nggoleki barang sing ilang.

2.
Wong katelu serba
tahu

Lagi wae deweke mulih saka Jakarta wes bisa tuku montor
honda jazz, malah iki mau deweke nggawa tas kulit weton paris sing isine kalung
selikur gram, kalung, lan duwet selawe juta.

6. Lelewaning basa
Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa
minggunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu. Ingkang kalebu
gaya bahasa inggih punika:
a. Sinonim
Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene
paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak
berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen ingkang
sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah, umpaminipun:
1.
Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi sastra.
2.
Dasamuka rau Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra).
Tuladha tembung
sinonim:
mitra = kanca
gagah = prakasa
becik = apik
cuwa = gela
keduwung = getun
dongeng = crita
juru = tukang
luwe = ngeleh
b. Asimilasi
Asimilasi inggih
punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun
jayeng (jaya + ing)
narpati (nara + pati)
mahasri (maha + asri)
prapteng (prapta + ing)
c. Metafora
Metafora inggih punika ugel-ugelipun
mawi pepindahan (diumpamakake), limrahipun ingkang kapendhet sipatipun ingkang
kangge pepindhan wau, umpaminipun:
1)
Angluberna
samodraning pangaksami.
2)
Arjuna punika
lelancuring jagad.
3)
R. Setyaki
sapukawating praja Dwarawati.
4)
Rr. Sumi dadi
kembang ing desa Gondosari.
d.
Alegori
Alegori inggih punika metafora
ingkang dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged
lambang, umpaminipun:
1)
Gesang manungsa
punika palwa umpaminipun, dipunombang-ambingaken alun ing samudra,
katempuhnipun tuwin boten waspada, saged kalempun baita utawa sumyur ing padrus
karang jawa.
2)
Rukun agawe
sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate sapu yen disuhi
gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta sadane wis manut
gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing, umpaminipun:
a.
Lintang :
pangabekti mring gusti allah
b.
Rente : keadilan
sosial
c.
Rambu-rambu
lalulintas lsp.
e. Personifikasi
Personifikasi
inggih punika sami kaliyan pepindhan janma jawa, tuladhanipun:
a. Sumpahe
sineksenan bumi langit
b. Begawan solo
lampahipun manger, menggak-menggok marang parenden.
c. Gunung Merapi
yen gelem watuk ngegirisi.
6. Metonimia
Metonimia
punika linta-lintunipun nami, umpaminipun:
a. Le, aku tulung
tukokna jarum (merk rokok) isi rolas.
b. Remenipun
ngunjuk fanta (unjukan numan).
c. Wingi ana
Ramayana (bis Ramayana) tubrukan kaliyan Arjuna (bis Arjuna).
f. Hiperbola
Hiperbola punika
ugel-ugelan mawi pepindhan ingkang keladuk, umpaminipun:
1. Swarane kaya mbelahna bumi.
2. Ngendikane sora kaya bledeg.
3. Lakune kaya kilat.
g. Ironi
Ironi inggih menika
nyariosaken kosok wangsulipun minangka pangece, umpaminipun:
1. Loma banget sliramu, sedulurmu kesusahen kok saksen bae
ora.
2. Sregep tenan, angger jam 11 lagi wae ngantor.
h. Antitese
Antitese inggih
unenunen kang awujud mawa surasane kosok balen, umpaminipun:
1. Rina wengi anggenku ndongake kowe.
2. Gedhe cilike kowe kuwi ya kaya ngono ta!
3. Enom tuwo padha nonton, layar tancep ana desa kae.
i. Euphesisme
Euphesisme inggih punika unen-unen
kang surasa basane luwih alus (tembung rinengga), umpaminipun:
1. mati
= murud ing kasadean jati/ tilar donya.
2. dadi manten =
nambut silaning akrami.
j. Anamatope
Anamatope inggih punika tembung kang
mratelake jeneng metu saka uni utawa swarane. Tuladha:
1.
Bedhug saka swara dhug-dhug.
2.
Emprit saka swara prit-prit.
3.
Kenthongan saka swara thong-thong.
k. Epitesis
Epitesis inggih
punika wuwuhing aksara ing sjroning tembung. Tuladha:
1. Amarta → Ngamarta
2. Yogya → Ngayogya
3. Setyaki → Sencaki
4. Sikandhi → Srikandhi
l. Metamefesis
Metamefesis inggih punika
linta-lintunipun panggonaning aksara ing tembung. Tukadha:
1. arca = reca
2. ardi = redi
3. almari =lemari
4. raksasa = raksasa
m. Klimaks
Klimaks inggih
punika saya dangu saya sanget saya hebat, umpaminipun:
1. Ora usah adhimu, kakangmu, sak bapakmu pisan aku ora wedi.
2. Aja kok sing lara, mati dak ujudi.
n. Anti
Klimaks
Anti Klimaks inggih punika
dhapukaning tembung kang mratelake saya suwe ora saya banget. Tuladha:
1.
Apa maneh satus, sepuluh, serupiah, sasen bae aku ora duwe.
2.
Sawane omahe, nganti tekan sandhangan entek amarga kalah maen.
7. Amanat
Yaiku piweling kang
arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
8. Alur/plot.
Yaiku lakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan,
konflik, penyelesaian)
Alur utawa dibedake dadi telu yaiku;
- alur maju
Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju
ing kedadean saiki/ lakune crita ska
wiwitan nganti pungkasan runtut.
- alur mundur
- alur gabungan
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis ora luwih saka 1.000 tembung antarane mung 3 – 10 kaca
Tidak ada komentar:
Posting Komentar