PERANGAN
I
TATA BASA
A. Ancasipun Wulangan Tata Basa Jawi
Ancasipun wulangan tata basa Jawi inggih menika
mahasiswa saged mangertos saestu bab-bab ingkang magepokan kaliyan:
- wujud, jinising tembung, saha pangrimbaging tembung,
- jinising frasa, klausa, saha ukara, ugi
- pandhapuking frasa, klausa, saha ukara.
B. Andharan Wulangan Tata Basa Jawi
1. Widya Tembung
Widyatembung/ morfologi
inggih menika sempalaning tata basa ingkang ngrembag bab tembung, dumadosing
tembung, ewahing satunggaling tembung dados tembung sanes. Tembung mujudaken
rerangkening swara ingkang kawedhar dening lisan ingkang ngemu teges saha
kasumurupan suraosipun. Tembung saged kabedakaken adhedhasar wujud saha
jinisipun.
a. Wujuding Tembung
Katitik
saking wujudipun, tembung saged kabedakaken dados sekawan golongan, inggih
menika tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, saha tembung
camboran.
1) Tembung Lingga
Tembung
lingga/ kata dasar inggih menika tembung ingkang taksih wetah, dereng
ewah, utawi dereng rinaketan wuwuhan menapa kemawon. Tuladhanipun: mustaka,
awrat, rembulan, budaya, lan sapanunggalanipun.
2) Tembung Andhahan
Tembung
andhahan/ kata bentukan inggih menika
tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun amargi rinaketan wuwuhan (afiks). Wujudipun wuwuhan ing
basa Jawi inggih menika ater-ater, seselan, panambang, saha wuwuhan sesarengan.
Ater-ater/
prefiks/ awalan inggih menika
wuwuhan ingkang dunungipun wonten
sangajenging tembung lingga lan panyeratanipun sumambung kaliyan lingganipun.
Ater-ater ing basa Jawi antawisipun ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-),
tripurusa (dak-/tak-, ko-, di-), a-, ka-, ke-, sa-, pi-, pra-, tar-, kuma-,
kapi-, kami-. Tuladhanipun tetembungan ingkang rinaketan ater-ater inggih
menika:
a- + teges = ateges
ka- + sebut =
kasebut
ke- + ganggu = keganggu
sa- + dhusun = sadhusun
pi- + wales = piwales
pra + tandha = pratandha
tar + tamtu = tartamtu
kuma- + wani = kumawani
kami- + seseg = kamiseseg(en)
kapi- + lare = kapilare
Tuladhanipun
ater-ater anuswara:
m- + weling = mulang
n- + tutup = nutup
ng- + gambar = nggambar
ny- + sapu = nyapu
Tuladhanipun
ater-ater tripurusa:
dak/tak + tuku = taktuku/ daktuku
kok- + tulis = koktulis
di- + wulang = diwulang
Seselan/
infiks/ sisipan inggih menika
wuwuhan ingkang dumunung ing satengahing tembung lingga. Seselan ing basa Jawi
antawisipun -um-, -in-, -er-, saha -el-.
Seselan
-um- winastan ugi bawa ma amargi menawi karaketaken kaliyan tembung apurwa
vokal, seselan -um- ewah dados m-, saha dunungipun wonten sangajenging
lingganipun. Tuladhanipun:
atur + -um- = umatur → matur
seleh + -um- = sumeleh
Seselan -in- winastan ugi tanggap na amargi menawi
karaketaken tembung lingga dados tembung kriya tanggap.
Tuladhanipun:
sebut + -in- = sinebut
tulis + -in- = tinulis
Seselan -er- kadhang kala
ewah dados -r-, tuladhanipun:
centhel + -er- = cerenthel → crenthel
kelip + -er- = kerelip →
krelip
Seselan
-el- kadhang kala ewah dados -l-, tuladhanipun:
titi + -el- = teliti →
tliti
gebyar + -el- = gelebyar → glebyar
Panambang/ sufiks/ akhiran inggih menika wuwuhan ingkang dumunung sawingkinging lingga
saha kaserat sumambung kaliyan lingganipun utawi kagandheng kaliyan tembung
lingga. Panambang ing basa Jawi kadosta: -i, -a, -e, -en, -an, -ana, -ake.
tutup + -i =
tutupi
tangi + -a =
tangia
wajik + -e =
wajike
cacing + -en =
cacingen
joged + -an =
jogedan
jawil + -na =
jawilna
tulung + -ana =
tulungana
srebet + -ane =
srebetane
gawa + -ake =
gawakake
Wuwuhan sesarengan (konfiks) inggih menika wuwuhan
ingkang awujud ater-ater utawi seselan saha panambang ingkang kawuwuhaken ing
tembung lingga kanthi sesarengan. Tuladhanipun :
ka + budaya + -an =
kabudayan
ke- + cilik + -en =
keciliken
pa (A)- + wulang + -an =
pamulangan
pra- + desa + -an =
pradesan
m- + buwang + -i =
mbuwangi
ny- + silih + -ake = nyilihake
-in- + tulis + -an = tinulisan
(ditulisi)
-um- + singkir + -a = sumingkira
3) Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawi reduplikasi basa Jawi saged kabedakaken
dados tiga inggih menika tembung rangkep wetah, tembung rangkep parsial, saha
pangrangkeping tembung ingkang rinaketan wuwuhan (berafiks).
Tembung rangkep wetah kabedakaken
dados dwilingga saha dwilingga salin swara. Dwilingga inggih menika tembung
rangkep ingkang kadadosan saking pangrangkeping tembung lingga. Tuladha:
pit-pit, abang-abang, bengok-bengok, udan-udan. Dene tembung dwilingga salin
swara inggih menika kadadosan saking pangrangkeping tembung lingga kanthi
ewah-ewahan vokal tembung lingga kalawau. Tuladanipun: sombat-sambet,
mongan-mengen.
Tembung rangkep parsial ugi saged
kabedakaken dados kalih inggih menika dwipurwa saha dwiwasana. Dwipurwa inggih
menika tembung ingkang kadadosan saking pangrangkep purwaning lingga utawi
pangrangkeping wanda kawitaning lingga. Tuladhanipun:
tuku → tutuku → tetuku
tamba → tatamba → tetamba
resik → reresik
Dwiwasana inggih menika tembung ingkang kadadosan saking
pangrangkepipun wanda wekasaning tembung lingga/ ngrangkep wasananing lingga.
Tuladhanipun :
cengis → cengisngis → cengingis
cekik → cekikkik → cekikik
Pangrangkeping tembung ingkang rinaketan wuwuhan (berafiks). Tuladhanipun: jaran-jaranan,
kesandhung-sandhung.
4)
Tembung Camboran
Ingkang kawastanan tembung camboran/ kata majemuk inggih menika tembung kalih utawi langkung ingkang
kagandheng dados satunggal, mujudakan tembung enggal ingkang nyebal saking
teges sakawit.
Titikanipun tembung camboran inggih
menika (a) kadadosan saking kalih tembung/ langkung, (b) mujudaken tembung
enggal ingkang nyebal saking teges sakawit, (c) boten saged dipunseseli tembung
menapa kemawon, (d) menawi rinaketan wuwuhan, tembung camburan mapan wonten
ngajeng utawi wingking. Tuladhanipun: randha royale.
Miturut wujudipun tembung-tembung
ingkang ginandheng, tembung camboran dipunperang dados kalih ingkang menika
tembung camboran wetah saha tembung camboran tugel.
(a) Camboran Wetah
Tembung camboran wetah inggih menika
tembung camboran ingkang dumadi saking tembung-tembung ingkang taksih wetah.
Tuladhanipun: gantung siwur, buntut urang, semar mendem, wedhus kacang, lan
sapanunggalanipun.
(b) Camboran Tugel
Tembung camboran tugel inggih menika
tembung camboran ingkang dumadi saking tembung ingkang taksih wetah saha
tembung wancahan, utawi dumadi saking tembung wancahan lan wancahan.
Tuladhanipun :
thukmis = bathuk klimis
pakdhe = bapak gedhe
b. Jinising Tembung
Miturut
jinisipun tembung saged kaperang dados sedasa, inggih menika tembung aran,
tembung kriya, tembung sifat, tembung katrangan, tembung sesulih, tembung wilangan,
tembung panggandheng, tembung ancer-ancer, tembung panyilah, saha tembung
panguwuh.
1) Tembung Aran
Tembung aran/ kata benda/ nomina inggih menika tembung
ingkang mratelakaken namaning barang utawi menapa kemawon ingkang kaanggep
barang. Titikanipun tembung aran inggih menika (a) saged sumambang kaliyan
tembung dudu utawi ana, tuladhanipun:
dudu kembang, ana kembang, (b) boten saged sumambang kaliyan tembung ora, (c)
saged sumambung kaliyan tembung kriya. Tuladhanipun: tukang ngendhang, ruang
tunggu, (d) saged sumambung kaliyan
sing + tembung kaanan. Tuladhanipun: bocah sing pinter, (e) saged sumambung
kaliyan tembung sesulih pandarbe.
2) Tembung Kriya
Tembung kriya/ kata kerja/ verba inggih menika tembung ingkang mratelakaken solah bawa utawi tandang damel. Titikanipun
tembung kriya inggih menika (a) saged sumambung kaliyan tembung anggenipun, ora
(boten), (b) tembung kriya saged sumambung kaliyan tembung dudu, (c) tembung
kriya saged dados wasesa (inti predikat) ing ukara.
Tembung kriya kaperang dados kalih
inggih menika tembung kriya tanduk saha tembung kriya tanggap. Tembung kriya
tanduk (kata kerja aktif) inggih menika tembung kriya ingkang jejeripun
(subjek) dados paraga (pelaku).
Tembung kriya menika kadhapuk kanthi muwuhaken ater-ater anuswara (m-, n-, ng-,
ny-). Tuladhanipun: mlumpat, nyapu, lan sapanunggalanipun. Tembung kriya tanduk
wonten kalih golongan:
(a)
Tembung Kriya Tanduk Mawa Lesan
Tembung kriya tanduk mawa lesan (kata kerja transitif)
inggih menika tembung kriya ingkang mbetahaken lesan (objek).
Titikanipun tembung kriya tanduk mawa lesan antawisipun rinaketan ater-ater
anuswara saha saged rinaketan ater-ater anuswara kaliyan panambang –i, -ake/
-ke. Tuladha mbalangi, nukokake.
(b)
Tembung Kriya Tanduk Tanpa Lesan
Tembung kriya tanduk tanpa lesan (kata kerja
intransitif) inggih menika tembung kriya ingkang boten mbetahaken lesan (objek).
Tuladhanipun tembung mbledhos, tindak, turu, nangis, mertobat, adus.
Dene tembung kriya tanggap (kata kerja pasif)
inggih menika tembung kriya ingkang jejeripun (subjek) dados sasaran (penderita).
Titikanipun tembung kriya tanggap inggih menika saged rinaketan ater-ater ka-,
ke-, -in, ater-ater tripurusa. Tuladhanipun: dakwenehi, dipunserat, lan
sapanunggalanipun.
3)
Tembung Kaanan
Tembung kaanan/ kata
sifat/ adjektif
inggih menika tembung ingkang mratelakake kaanan utawi watak sawijining barang
utawi bab. Titikanipun tembung kaanan antawisipun: (a) saged rinaketan wuwuhan
sesarengan (konfiks) ke- -en ‘keterlaluan’.
Tuladha: kedhuwuren, ketipisen, (b) saged sumandhing kaliyan tembung luwih,
rada, paling, banget, dhewe ‘paling’,
(c) saged sumandhing kaliyan tembung aran. Tuladhanipun: bocah pinter, ugi (d)
saged mratelakaken warni (abang, kuning), bentuk (rata, bunder, wungkuk),
ukuran (cedhak, cilik, gedhe, sedhela), raos (swasaning manah= ayem, bungah,
angel, saha raosing pancadriya= asin, panas).
4) Tembung Katrangan
Tembung katrangan/ adverb/ kata keterangan inggih menika tembung ingkang suka
katrangan dhateng tembung kriya, kaanan, aran, saha wilangan. Tuladhanipun:
dudu, padha, arep, pancen, badhe, paling, mung, boten, sampun, saweg, luwih,
banget, selak, semu, wae, ora, radi, saged, lan sapanunggalanipun.
5)
Tembung Sesulih
Tembung sesulih/ pronomina/ kata ganti inggih menika tembung ingkang
dipunginakaken minangka sesulihing tiyang, bab, barang utawi menapa kemawon
ingkang kaanggep barang. Tembung sesulih saged kagolongaken dados tembung
sesulih purusa, pandarbe, panuduh, pitaken.
(a) Tembung Sesulih Purusa
Tembung sesulih purusa/ pronomina persona inggih menika tembung minangka sesulihing tiyang.
Tembung sesulih purusa kaperang dados tiga inggih menika: utama purusa
(gegantosipun tiyang kapisan), tuladhanipun: kawula, ingsun, aku; madyama purusa (gegantosipun tiyang kaping kalih),
tuladhanipun: sampeyan, panjenengan, kowe, sira; pratama purusa (gegantosipun
tiyang kaping tiga), tuladhanipun: dheweke, piyambakipun, dheke.
(b) Tembung Sesulih Pandarbe
Tembung sesulih pandarbe/ pronomina posesif inggih
menika tembung minangka sesulihing barang darbe. Tuladhanipun: -ku, -mu.
(c) Tembung Sesulih Panuduh
Tembung sesulih panuduh/ promina demonstratif inggih menika tembung ingkang nedahaken
dununging barang/ nedahaken satunggaling bab. Tembung panuduh saged kabedakaken
dados: panuduh barang/ demonstratif
substantif (iki, kuwi, kae, menika), panuduh papan/ demonstratif Lokatif (kene, kana, kono, mrika), panuduh bab/ demonstratif deskriptif (ngene, ngono, ngana,
mangkene, mekaten), panuduh wekdal/ demonstratif
temporal (mengko, mangke, saiki, mau, semenika), panuduh ukuran/ demonstratif dimensional (samene,
semono, semana, samenten).
(d) Tembung Sesulih Pitaken
Tembung sesulih pitaken/ promina interogatif inggih menika
tembung minangka sesulihing pitaken. Tuladhanipun: sapa, sinten, apa,
sing endi, kepriye, kapan, pira, sepira.
6) Tembung Wilangan
Tembung wilangan/ numeralia/ kata bilangan inggih menika tembung ingkang
mratelakaken gungguning barang. Titikanipun tembung wilangan inggih menika
saged sumambung kaliyan tembung aran saha saged sumambung kaliyan tembung mbaka
saha tembung ping/ kaping.
Tembung wilangan kaperang dados (a) tembung wilangan
wetah, tuladhanipun siji, satus, nemlikur, (b) tembung wilangan susun/ numeralia tingkat, tuladhanipun:
kapisan, kaping sepuluh, (c) tembung wilangan pecahan, tuladhanipun:
telungprapat, siji telungprapat, saha (d) tembung wilangan sadhengah, inggih
menika tembung wilangan ingkang dereng dipunmangertosi gunggunipun.
Tuladhanipun: sethithik, saipit, sedaya, sajimpit.
7) Tembung Panggandheng
Tembung panggandheng/ konjungsi/ kata sambung inggih
menika tembung ingkang kaginakaken kangge nggandheng tembung kaliyan tembung,
frase kaliyan frase utawi klausa kaliyan klausa, saha ukara kaliyan ukara.
Tuladhanipun wusana, kanthi, mangka, nganti, umpama, nalika, jalaran, menawi,
kejaba, karo, senajan, yaiku. Dene tuladha ukara ingkang ngginakaken tembung
panggandheng inggih menika:
(i) Aku lan adhiku lagi sinau.
(ii) Aku kepingin tuku lemari lawang telu lan kaca
rias ukir.
(iii)
Adhiku maca buku lan kakangku nulis layang.
(iv)
Adhiku ora tau gelem mangan lan ora gelem ngombe obat.
Akhire, wingi bengi adhiku digawa menyang
dhokter.
8) Tembung Ancer-ancer
Ingkang kawastanan tembung ancer-ancer/ preposisi/
kata depan inggih menika tembung ingkang ginanipun kangge
ngancer-anceri papan utawi ngancer-aceri tembung aran. Tembung ancer-ancer
menika titikanipun namung sumambung kaliyan tembung utawi frase. Tuladhanipun
tembung ancer-ancer inggih menika marang, karo, nganggo, tumrap, wiwit, ing,
karana, dumugi, nganggo, menyang, dumugi, karo, ing, karana, tumrap, wiwit, lan
sapanunggalanipun.
9) Tembung Panyilah
Tembung panyilah/ artikula/
kata sandang inggih
menika tembung ingkang kaginakaken kangge nyilahaken/ mligekaken satunggaling
patrap, barang utawi salah satunggaling bab. Tuladhanipun: si, sang, sri, ingkang,
sang hyang, para. Dene tuladhanipun ing ukara:
(i) Sang Kancil bisa diapusi dening keyong.
(ii) Si Thuntheng gleyeh-gleyeh mlebu alas.
(iii)
Para tamu kula aturi jumeneng sawetawis.
10) Tembung Panguwuh
Tembung panguwuh/ panyeru/ interjeksi/ kata seru inggih menika tembung ingkang saged nggambaraken
wedharing raos remen, kaget, kuciwa, kagelan, sisah, gumun, lan
sapanunggalanipun.
Tuladhanipun:
hi, adhuh, e, wo, whu, here, adhuh, ha, lha, ah, o, wadhuh, yhe, adhuh biyung,
sokur, harataya, gandrik, Gusti Allah, iyung, hem, hara, hus, lan
sapanunggalanipun.
2. Widya Ukara
Widya ukara/ sintaksis
ngrembag bab frasa, klausa, saha ukara ingkang satunggal lan satunggalanipun
boten saged kapisahaken jalaran wonten sambet rapetipun.
a.
Frasa/ Kelompok Tembung
Titikanipun
frasa/ kelompok tembung inggih menika :
(1)
kadadosan saking kalih tembung/ langkung,
(2)
drajatipun dumuning ing antawasipun tembung saha klausa,
(3)
urut-urutanipun tembung boten kenging nglangkungi wasesa,
(4) limrahipun kadadosan saking kalih perangan inggih
menika
perangan inti (perangan ingkang
dipunterangaken) saha perangan
atribut (perangan ingkang nerangaken).
Tuladhanipun
frasa ingkang karaciki ing ukara:
Bocah
loro sinau bebarengan ing perpustakaan.
Tuladha ukara
menika kadadosan saking tigang perangan/ tigang frasa inggih menika :
Bocah
loro sinau bebarengan ing perpustakaan.
J W K
Miturut
pranataning ukara, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa endosentris
saha frasa eksosentris.
a) Frase Endosentris
Ingkang dipunwastani frasa endosentris inggih menika
frasa ingkang salah satunggaling peranganipun saged nyulihi perangan sanesipun.
Tuladhanipun:
basa krama theklek
kayu jati
sekar Megatruh Ngayogyakarta kutha pariwisata
Susilo
Bambang Yudhoyono presiden RI
b) Frasa Eksosentris
Frasa eksosentris inggih menika frasa ingkang salah
satunggaling peranganipun boten saged nyulihi perangan sanesipun. Tuladhanipun:
saka
Sala menyang Jakarta nulis
layang
jago
kluruk jaran kepang ing
perpustakaan
Miturut jinisipun, frasa kaperang dados 7 (pitu) inggih
menika frasa aran, frasa kriya, frasa kaanan, frasa wilangan, frasa katrangan,
frasa sesulih, saha frasa ancer-ancer. Namaning frasa nedahaken bilih ingkang
dados inti utawi bakuning frasa menika jinising tembung ingkang kapacak dados
namaning frasa.
(1)
Frasa Aran
Frasa
aran utawi frasa nomina inggih menika
frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa
awujud tembung aran.
Tuladhanipun : pitik jago dudu buku
keris cilik godhong gedhang
(2)
Frasa Kriya
Frasa kriya utawi frasa
verba inggih menika frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa awujud tembung kriya.
Tuladhanipun : sampun rawuh
lungguh maneh
(3) Frasa Wilangan
Frasa wilangan utawi frasa
numeralia inggih menika frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa awujud tembung wilangan.
Tuladhanipun
: rong puluh loro wae
telung iji akeh banget
(4)
Frasa Kaanan (frasa adjektiva)
Frasa kaanan utawi frasa
adjektiva inggih menika frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa awujud tembung kaanan.
Tuladhanipun
: bagus tenan kurang gedhe
kudu sabar seneng banget
(5)
Frasa Katrangan
Frasa katrangan utawi frasa
adverbia inggih menika frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa awujud tembung katrangan. Tembung-tembung ingkang kadhapuk dados frasa
katrangan menika sadaya awujud tembung katrangan. Tuladhanipun: ora mung,
durung bisa, sesuk esuk, lan sapanunggalanipun.
(6)
Frasa Sesulih
Frasa sesulih
utawi frasa pronomina inggih menika
frasa ingkang intinipun/ bakuning frasa
awujud tembung sesulih. Tuladhanipun: kowe kabeh, mung kowe, sing iki, lan
sapanunggalanipun.
(7)
Frasa Ancer-ancer
Frasa ancer-ancer utawi frasa preposisi (kata depan)
inggih menika frasa ingkang intinipun/ bakuning
frasa awujud tembung ancer-ancer.
Tuladhanipun
: saka pasar, kaya cacing, karo ibu guru
b. Klausa
Ingkang kawastanan klausa inggih menika rerangkening
tembung ingkang ngemot sawijining gagasan/ bab. Ingkang dados titikanipun
klausa inggih menika: (1) klausa kadadosan saking jejer lan wasesa saha (2)
klausa saged madeg dados ukara. Tuladhanipun inggih menika:
bapak
saha ibu badhe tindak
jejer wasesa
bapak
saha ibu : frasa aran
badhe
tindak : frasa kriya
Klausa
adhedhasar jinising tembung saged kaperang dados sekawan inggih menika klausa
nomina, klausa verba, klausa numeralia, saha klausa preposisi.
(1) Klausa Nomina
Klausa
nomina inggih menika klausa ingkang wasesanipun ajinis tembung utawi frasa
nomina/ aran.
Tuladha: dheweke guru
sing dituku wong kuwi sepedha
(2) Klausa Verba
Klausa verba inggih menika klausa
ingkang wasesanipun ajinis tembung utawi frasa verba/ kriya.
Tuladha:
adhiku lan kancane padha sinau
(3) Klausa Numeralia
Klausa numeralia inggih menika
klausa ingkang wasesanipun ajinis tembung utawi frasa numeralia/ wilangan.
Tuladha:
rodhane trek kuwi enem
(4) Klausa
Ancer-ancer
Klausa ancer-ancer/ preposisi inggih
menika klausa ingkang wasesanipun ajinis tembung utawi frasa ancer-ancer/
preposisi.
Tuladha:
beras kuwi saka Delanggu
kredit kuwi kanggo bakul pasar
c. Ukara
Miturut Antonsuhono (1956: 7) ukara iku reroncening
tembung sawatera, kang dadi wedharing gagasan manungsa, awujud katrangan,
pitakon, panjaluk, utawa bab liyane maneh. Wonten ugi ingkang mastani bilih
ukara inggih menika rerengkening tembung ingkang saged ngudharaken satungaling
kekajengan jangkep. Titikanipun ukara inggih menika (1) kadadosan saking
satunggal klausa utawi langkung, (2) saged madeg piyambak, saha (3) ing basa
sinerat kawiwitan aksara murda kapungkasan tandha titik, tandha, pakon, saha
tandha pitaken. Tuladhanipun ukara inggih menika:
(i) Bapak maos layang kabar.
(ii) Menapa simbah sampun dhahar?
(iii) Dhik, tangia !
Miturut
fungsi ukara/ fungsi sintaksis, ukara
kadadosan saking fungsi jejer (J), wasesa (W), lesan (L), geganep (Gg), saha
katrangan (K). Tuladhanipun ukara: Bapak mundhutaken kalung ibu.
Ukara : Bapak
mundhutaken kalung ibu, kadadosan saking :
Bapak : jejer
mundhutaken : wasesa
kalung : geganep
ibu :
lesan
Tembung kalung minangka geganep amargi boten saged dados
jejer ing ukara tanggap, inggih menika: kalung dipundhutake bapak. Dene tembung
ibu minangka lesan amargi saged dados jejer ing ukara tanggap, inggih menika :
Ibu dipundhutaken kalung bapak.
Pola ukara utawi cakrik ukara dhasar
ing basa Jawi saha tuladhanipun saged dipuntingali ing tabel 1 ngandhap menika:
Fungsi
|
J
|
W
|
L
|
Gg
|
K
|
J- W
|
Bapak
|
sare
|
-
|
-
|
-
|
J- W- L
|
Bapak
|
maos
|
layang kabar
|
-
|
-
|
J- W – Gg
|
Adhiku
|
nangis
|
-
|
sesenggukan
|
-
|
J- W – K
|
Rahmat
|
turu
|
-
|
-
|
ing amben
|
J- W- Gg
|
Rini
|
mbukakake
|
adhine
|
lawang
|
-
|
J- W- L- K
|
Ranto
|
tuku
|
buku
|
-
|
ing toko
|
Tabel 1: Cakrik Ukara Dhasar Basa Jawa
1) Jejer
Jejer/
subjek inggih menika perangan ingkang
dados bakuning ukara. Miturut pranataning ukara, jejer menika limrahipun
dumunung ing ngajeng. Ingkang saged dados jejer inggih menika tembung/ frasa
aran, tembung/ frasa kriya, tembung/ frasa kaanan, tembung/ frasa wilangan,
saha tembung/ frasa sesulih purusa. Tuladhanipun inggih menika.
(a) Jejer awujud
tembung/ frasa aran
Tuladhanipun : Ibu maos layang kabar.
Sega gudheg murah
regane.
(b)
Jejer awujud tembung/ frasa kriya
Tuladhanipun : Sinau bisa gawe pinter,
Mulang ngaji kalebu
ibadah.
(c)
Jejer awujud tembung/ frasa kaanan
Tuladhanipun : Anggak bisa ngedohke
memitran.
(d)
Jejer awujud tembung/ frasa wilangan
Tuladhanipun : Panca tegese lima.
(e)
Jejer awujud tembung/ frasa sesulih purusa
Tuladhanipun : Dheweke lagi sinau basa jawa.
Awake dhewe kudu menang !
2) Wasesa
Wasesa/
predikat inggih menika perangan
ingkang dados inti ukara ingkang limrahipun dumunung ing sisih tengenipun
jejer. Tembung/ frasa ingkang saged dados wasesa ing ukara inggih menika
tembung/ frasa kriya, aran, wilangan, ancer-ancer.
(a)
Wasesa awujud tembung/ frasa kriya
Tuladhanipun
: Rahmat ngadusi sapi.
(b)
Wasesa awujud tembung/ frasa aran
Tuladhanipun
: Bu Rini dhokter puskesmas.
(c)
Wasesa awujud tembung/ frasa wilangan
Tuladhanipun
: Sapine Rahmat telulas.
(d)
Wasesa awujud tembung/ frasa ancer-ancer
Tuladhanipun
: Rahmat saking Magelang.
3) Lesan
Lesan/
objek limrahipun wonten ing ukara
tanduk (kalimat aktif).
Lesan menika perangan ingkang
gumantung wasesaning ukara. Titikanipun lesan inggih menika dumunung ing sisih
tengenipun wasesa, saged dados jejer menawi dipunewahi dados ukara tanggap,
boten saged sineselan perangan (fungsi)
sanesipun (preposisi).Tuladhanipun:
(i) Simbah
putri dhahar kolak.
(ii)
Bapak mundhutaken ibu kalung.
4) Geganep
Geganep
utawi pelengkap inggih menika
peranganing ukara kangge njangkepi wasesa, dene titikanipun boten saged dados
jejer ing ukara tanggap. Tuladhanipun:
(i) Rini nukokake klambi adhine.
(ii)
Rahmat nangis sesenggukan.
5) Katrangan
Titikanipun
katrangan inggih menika limrahipun boten dados intining ukara, dunungipun
mardika (saged ing ngajeng, tengah utawi ing pungkasan). Jinising katrangan
inggih menika:
(a)
katrangan wekdal (waktu)
tuladhanipun
: Enjing wau ibu tindak pasar.
(a)
katrangan pangganen/ papan (tempat),
katitik saking tembung
ancer-ancer ana, ing, neng, menyang. Tuladhanipun :
Rini mangsak lodheh ing pawon.
(b)
katrangan cara, mratelakaken cara/ kados pundi tandang
damelipun wasesa.
Tuladhanipun
: Kanthi runtut pak lurah nerangake bab pemilu.
(d)
katrangan piranti (alat)
Tuladhanipun
: Rahmat ngedhuk lemah nganggo pacul.
(e)
katrangan sebab
Tuladhanipun
: Rahmat ora mungguh amarga ora tau sinau.
(f)
katrangan ancas (tujuan)
Tuladhanipun
: Simbah putri dipundhutake tivi kanggo hiburan.
(g)
katrangan akibat
Tuladhanipun
: Rahmat ora tau gelem mangan, dadi awake garing.
Jinising ukara miturut tumindaking jejer kaperang dados
kalih, inggih menika ukara tanduk saha ukara tanggap.
1)
Ukara Tanduk
Ingkang kawastanan ukara tanduk/ kalimat aktif inggih menika ukara ingkang wasesanipun awujud
tembung kriya tanduk. Tembung kriya ingkang dados wasesa ing ukara tanduk
limrahipun rinaketan ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-) utawi ater-ater
anuswara lan panambang -i/ -ake. Jejer
ing ukara tanduk limrahipun nindakaken pakaryan utawi dados paraga.
Ukara tanduk kaperang dados kalih inggih menika: (a)
ukara tanduk mawa lesan, tuladhanipun: Adhiku maca buku basa jawa, (b) ukara
tanduk tanpa lesan, tuladhanipun : Bebeke ngendhog.
2) Ukara Tanggap
Ukara tanggap/ kalimat
pasif inggih menika ukara ingkang wasesanipun awujud tembung kriya tanggap.
Wasesa ing ukara tanggap migunakaken tembung kriya ingkang rinaketan ater-ater
dak-, di-, ka-. Tuladhanipun :
(i) Layang iki katulis dening
kakangku.
J W
L
(ii) Rotimu dakpangan mau
bengi.
J W K
Miturut cacahing klausa, ukara saged kabedakaken dados
kalih inggih menika ukara lamba saha ukara camboran.
a) Ukara Lamba
Ukara
lamba/ kalimat sederhana inggih
menika ukara ingkang kadadosan saking satunggal klausa.Tuladhanipun : Eyang
ngunjuk jampi beras kencur.
b) Ukara Camboran
Ingkang
kawastanan ukara camboran/ kalimat
majemuk inggih menika ukara ingkang kadadosan saking kalih klausa utawi
langkung. Tuladhanipun:
Bapak
kondur nalika ibu mangsak neng pawon.
Ukara
camboran kabedakaken dados kalih inggih menika ukara camboran sejajar saha
ukara camboran susun.
(1) Ukara Camboran Sejajar
Ukara camboran sejajar/ majemuk setara titikanipun inggih
menika (a) kadadosan saking klausa-klausa ingkang sajajar. Klausa satunggal
boten dados peranganing klausa sanesipun, saengga saged madeg dados ukara
piyambak, (b) migunakaken tembung panggandeng lan sarta , nanging, dening,
banjur, terus, utawa, malah, nuli, lajeng, tur,
saha. Tuladhanipun :
(i)
Aku ngrajang bumbu dene mbakyuku methiki kangkung.
(ii) Bapak mipili jagung lan ibu
nglumpukake pipilane.
(2) Ukara Camboran Susun
Ukara camboran susun/ kalimat
majemuk bertingkat titikanipun: (a) klausa satunggal minangka peranganing
klausa sanesipun, utawi kadadosan saking klausa inti lan klausa pang (induk dan anak kalimat), (b) migunakaken
tembung panggandeng akibate, mula, saengga, nganti, sinambi, karo, kanthi,
menawa, yen, kaya-kaya, genah, yakuwi, umpama, karana. Tuladhanipun :
(i) Supaya manganmu akeh, kowe taktukokake
gule.
(ii) Rahmat ora
bisa turu amarga dheweke kuwatir yen bandhane dicolong uwong.
(iii) Bapak badhe numbasake adhiku sepeda menawa
dheweke munggah kelas enem.
Miturut suraosipun ukara ing basa Jawi kepareng dados
gangsal inggih menika ukara cariyos, ukara pakon, ukara pitaken, ukara sambawa,
saha ukara sananta.
a) Ukara Cariyos
Ukara cariyos/ kalimat
berita inggih menika ukara ingkang nyariosaken utawi ngandharaken
satunggaling bab/ prastawa. Tuladhanipun :
Bocah-bocah
pada seneng nonton jathilan Ponorogo.
b) Ukara Pakon/ kalimat perintah
Ukara
pakon/ kalimat perintah inggih menika
ukara ingkang nyuraosaken paken katujokaken dhateng tiyang sanes supados
nindakaken satunggaling bab/ pakaryan, tuladhanipun :
Roni,
enggal digarap PRmu!
c) Ukara Pitaken
Ukara pitaken/ kalimat
tanya inggih menika ukara ingkang isinipun awujud pitakenan, tuladhanipun :
Bapak
badhe tindak jam pinten?
d) Ukara Sambawa
Ukara
sambawa inggih menika ukara ingkang isinipun awujud pangarep-arep, saumpama
utawi sanajan. Ukara menika limrahipun migunakaken tembung kriya ingkang
kawuwuhan panambang -a, -ana, -na. Tuladhanipun:
(i) Sugiha aku wis tuku omah tingkat.
(ii) Mangkata mau-mau aku mesthi ora
telat kuliah.
(iii) Udana ya kareben aku ora nyirami
kembang.
e) Ukara Sananta
Ingkang
kawastanan ukara sananta inggih menika ukara ingkang isinipun niyat, kajeng,
utawi sedya awakipun piyambak saha dereng kalampahan. Tuladhanipun :
(i)
Cathetanmu taksilihe dhisik, ya?
(ii)
Benjing kula badhe sinau ing Australia.
3. Widya Makna
Widya makna utawi saged dipunsebat semantik kalebet peranganing ilmu basa ingkang ngrembag bab teges.
Ingkang karembag wonten ing widya makna inggih menika sinonim, antonim,
homonim, saha hiponim.
a) Sinonim
Ingkang kawastanan sinonim inggih menika tembung ingkang
wujud saha seratinipun beda, nanging nggadhahi teges sami utawa meh sami.
Sinonim ugi dipunsebat dasanama (dasa tegesipun sepuluh/ akeh, nama tegesipun
aran, jeneng). Tuladhanipun :
(i)
Pak Rahmat saha bu Lastri menika tiyang sepuh kula.
(ii)
Pak Rahmat saha bu Lastri menika bapak lan ibu kula.
Tuladhanipun dasanama:
anak = atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga.
angin = bajra, bayu, maruta, pawana, samirana,
sindung riwut.
bumi = bantala, bawana, buana, basundara, jagad,
mandhala,
pratala, pratiwi, siti, kisma.
gunung=
aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata,
prabata, wukir.
b) Antonim
Antonim inggih menika tembung
ingkang tegesipun lelawanan utawi walikan kaliyan tembung sanesipun.
Tuladhanipun:
andhap
asor >< murang tata
crah >< rukun
dhuwur >< cendhak
dawa >< cendhak
pungkasan >< wiwitan
sengsara >< mulya
suda >< tambah
lantip >< bodho
c)Homonim
Homonim inggih menika tembung
ingkang sami pocapanipun saha panyeratanipun nanging tegesipun beda. Homonim
saged kaperang dados kalih inggih menika homofon lan homograf. Homofon inggih
menika tembung ingkang pocapanipun sami nanging seratan saha tegesipun beda.
Tuladhanipun :
(i) Adhimu parabane sapa?
(ii)
Gek diparap supaya entuk ijol dhuwit !
Tembung parab (i) tegesipun’ aran’
utawi ‘jeneng’, dene tembung parap (ii) tegesipun ‘tapak asma’.
Homograf inggih menika tembung
ingkang seratanipun sami nanging pocapanipun saha tegesipun beda. Tuladhanipun
:
(i) Simbah ngasta teken.
(ii)
Rapotku wis diteken dening ibu.
teken → [təkən]
‘tongkat’
[tεkən]
‘ tapakasma’
kendel → [kəndəl]
‘wani’
[kεndəl]
‘mandheg’
cemeng → [cəməŋ]
‘ireng’
[cəmεŋ]
‘anak kucing’
d) Hiponim
inggih menika tembung ingkang
tegesipun kaangep dados peranganipun tembung sanesipun. Tuladhanipun tembung
warna minangka superordinat saking tembung abang, putih, ijo, biru, kuning,
dene tembung abang, putih, ijo, biru, kuning minangka hiponim saking tembung
warna.
C. Cak-cakanipun Mulangaken Materi Tata Basa ing Sekolah Dasar
Materi tata basa ing Sekolah Dasar dipunandharaken
saking tataran ingkang prasaja inggih menika tembung, frasa, klausa, saha ukara
ingkang prasaja/ sederhana/ ukara
lamba dumugi ukara camboran. Magepokan ugi kados pundi anggenipun nglisanaken
saha panyeratanipun. Gladhen bab tata basa ugi kedah katindakaken dening para
siswa saking wujud ingkang prasaja rumiyin, ugi caranipun nglisanaken dumugi
panyeratanipun.
D.
Gladhen
- Kaandharna menapa ingkang dipunwastani tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran(kasebatna tuladhanipun)!
- Kaandharna tembung basa Jawi miturut jinisipun saha kasebutna tuladhanipun!
- Menapa ingkang kawastanan frasa, menapa titikanipun, katerangna wujudipun, saha kasebatna tuladhanipun!
- Katerangna bedanipun ukara lamba saha ukara camboran, kados pundi tuladhanipun?
- Kaandharna (saha kasebatna tuladhanipun) menapa ingkang dipunwastani:
a. sinonim c. homonim
b. antonim d. hiponim
E.
Kapustakan
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2001. Paramasastra
Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
Wedhawati, dkk. 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta:
Departemen Pendidikan Nasional.
PERANGAN II
UNGGAH-UNGGUH BASA
JAWI
A. Ancasipun Wulangan
Unggah-ungguh Basa Jawi
Ancasipun wulangan
unggah-ungguh basa Jawi menika, mahasiswa dipunajab saged:
- mbedakaken tembung/ leksikon ngoko, madya, krama, krama inggil, krama andhap, saha netral,
2.
ngronce ukara ragam ngoko saha ragam krama,
- ngronce ukara kangge wawan ginem kaliyan tiyang sanes kanthi sae lan leres,
- mulangaken unggah-ungguh basa Jawi dhateng siswa-siswa sekolah dasar.
B. Andharan Wulangan Unggah-ungguh Basa
Jawi
Ukara menika saged
dipunsebat ragam ngoko utawi krama, sajatosipun gumantung kaliyan pamilah saha
pamilihing tembung utawi kosakata/
leksikon ingkang karonce ing ukara kanthi trep. Wonten ing ngandhap menika
badhe kaandharaken leksikon-leksikon ingkang karonce ing ukara saha
unggah-ungguh basa utawi undha usuk basa ingkang awujud ragam basa ngoko saha
basa krama.
1. Leksikon-leksikon Basa Jawi
Leksikon basa Jawi saged
kaperang dados enem, inggih menika leksikon ngoko, madya, krama, krama inggil,
krama andhap, saha netral. Leksikon-leksikon kala wau badhe kaandharaken kados
ing ngandhap menika.
a. Leksikon Ngoko
Leksikon
utawi tembung ngoko minangka dhasar utawi bakuning sedaya leksikon, inggih
menika leksikon madya, krama, krama andhap, krama inggil. Titikanipun leksikon
ngoko inggih menika:
1) leksikon ngoko saged dipunginakaken
dening paraga kapisan (O1), paraga kapindho (O2), saha paraga katelu (O3),
2) leksikon ngoko ugi gadhah wujud
sanes wonten ing leksikon krama, madya, krama inggil, saha krama andhap,
3) menawi leksikon ngoko ingkang boten
gadhah wujud ing leksikon krama, madya, krama inggil, utawi krama andhap,
pramila leksikon menika kagolong leksikon netral.
Tuladha leksikon ngoko
ingkang karonce ing ukara.
(i) Aku arep mangan pelem.
(ii) Kowe arep mangan pelem?
(iii) Dheweke arep mangan pelem.
Tuladha leksikon ngoko
ingkang nggadhahi wujud leksikon sanesipun.
Leksikon
|
||||
Ngoko
|
Madya
|
Krama
|
Krama Inggil
|
Krama Andhap
|
abang
|
-
|
abrit
|
-
|
-
|
arep
|
ajeng
|
badhe
|
-
|
-
|
lunga
|
-
|
kesah
|
tindak
|
-
|
aweh
|
-
|
Suka
|
atur
|
paring
|
Tabel 2
b. Leksikon Madya
Leksikon madya minangka wujud saking leksikon krama
ingkang kirang alus. Titikanipun leksikon madya inggih menika: (1) gunggungipun
leksikon madya kirang langkung 54 leksikon, (2) dipunginakaken dening paraga
kapisan utawi O1, O2, saha O3, (3) leksikon madya gadhah wujud ing leksikon
ngoko saha leksikon krama, nanging boten sedaya wujud ngoko gadhah wujud sanes
wonten ing leksikon madya, (4) leksikon madya saged kadadosan saking wujud
wancah saking tembung krama.
Tuladha leksikon madya
ingkang karonce ing ukara.
(i) Kula ajeng teng Magelang, sampeyan
ajeng teng pundi?
(ii) Samang ajeng teng Magelang napa teng
Sala?
(iii) Piyambake ajeng teng Magelang napa
teng Sala?
Sedaya
leksikon madya gadhah wujud ing leksikon ngoko saha leksikon krama nanging
boten saben wujud leksikon ngoko gadhah wujud leksikon madya. Tuladhanipun
saged dipuntingali ing tabel 3 saha 4 ngandhap menika.
Leksikon
|
||
Ngoko
|
Madya
|
Krama
|
abang
|
-
|
abrit
|
gedhe
|
-
|
Ageng
|
percaya
|
-
|
pitados
|
Tabel 3
Leksikon
|
||
Madya
|
Ngoko
|
Krama
|
empun
|
Uwis
|
sampun
|
onten
|
Ana
|
wonten
|
ajeng
|
Arep
|
badhe
|
teng
|
menyang
|
dhateng
|
Tabel 4
Wujud leksikon madya
saged kaperang dados kalih, inggih menika.
(1)
Leksikon madya awujud wancahan (pemendekan/ abreviasi) saking leksikon
krama.
Leksikon
|
|
Krama
|
Madya
|
Sampun
|
ampun/ empun
|
Mangga
|
engga
|
Dumugi
|
dugi
|
Saking
|
king
|
Kemawon
|
mawon
|
Menapa
|
napa
|
Menika
|
nika
|
Kangge
|
ngge
|
Panggenan
|
nggen
|
Rumiyin
|
riyin
|
Tabel
5
(2)
leksikon madya ingkang boten awujud wancahan saking leksikon krama,
tuladhanipun: tumut, ajeng, kajenge, caket, kiyambak, sakniki, sampeyan,
pripun, melih, mengke, seking, turene, lan sapanunggalanipun.
c. Leksikon Krama
Leksikon
krama minangka wujud alus saking leksikon ngoko. Titikanipun inggih menika: (1)
saged dipunginakaken dening O1, O2, saha O3, (2) leksikon krama gadhah wujud
ing leksikon ngoko, (3) leksikon krama wonten ingkang wujudipun beda sanget
kaliyan wujud ngokonipun, wonten ugi leksikon krama ingkang wujudipun minangka
ewah-ewahanipun saking leksikon ngoko, (4) leksikon krama dipunginakaken kangge
wawan gineman: dereng tepang kaliyan tiyang ingkang dipunajak gineman, supados
tiyang ingkang dipunajak gineman ugi ngginakaken wujud krama, rumaos ewuh/
pakewuh dhumateng tiyang ingkang dipunajak gineman, saha nedahaken bilih
pamicara mangertos unggah-ungguh.
Tuladha leksikon krama
ingkang karonce ing ukara:
(i) Kula badhe dhateng Magelang.
(ii)
Panjenengan badhe dhateng Magelang?
(iii)
Piyambakipun badhe dhateng Magelang?
Tuladha
leksikon krama ingkang wujudipun beda sanget kaliyan wujud ngokonipun saged
dipuntingali ing tabel 6 ngandhap menika.
Leksikon
|
|
Krama
|
Ngoko
|
Ageng
|
gedhe
|
Alit
|
cilik
|
Cemeng
|
ireng
|
Dalu
|
bengi
|
Gesang
|
urip
|
Tabel
6
Tuladha
leksikon krama ingkang wujudipun minangka ewah-ewahanipun saking leksikon
ngoko:
Leksikon
|
|
Krama
|
Ngoko
|
Amargi
|
amarga
|
Cekap
|
cukup
|
Cobi
|
coba
|
Batos
|
batin
|
Betah
|
butuh
|
Ebah
|
obah
|
Tabel
7
d. Leksikon Krama Inggil
Leksikon krama inggil
titikanipun inggih menika:
1)
dipunginakaken kangge pakurmatan saha nginggilaken tiyang ingkang dipunajak
gineman,
2)
naming dipunginakaken kangge tiyang ingkang dipunajak gineman O2 utawi O3,
3)
menawi leksikon krama inggil boten gadhah wujud ing tembung krama andhap,
tiyang ingkang gineman saged ngginakaken tembung krama utawi ngoko.
Tuladha leksikon krama
inggil ingkang karonce ing ukara:
(i)
Panjenengan menapa badhe tindak dhateng Magelang?
(ii)
Piyambakipun menapa badhe tindak dhateng Magelang?
Leksikon
krama inggil wonten ingkang gadhah wujud ing leksikon krama asaha ngoko,
nanging wonten ugi ingkang naming gadhah wujud ing leksikon ngoko kemawon.
Tuladhanipun ing tabel 8, inggih menika.
Leksikon
|
||
Krama Inggil
|
Krama
|
Ngoko
|
dalem
|
griya
|
omah
|
dhahar
|
nedha
|
mangan
|
rawuh
|
dumugi
|
teka
|
kondur
|
wangsul
|
mulih
|
Tabel
8
Tuladha leksikon krama inggil ingkang naming gadhah wujud
ing leksikon ngoko, inggih menika:
Leksikon
|
||
Krama Inggil
|
Krama
|
Ngoko
|
asta
|
-
|
tangan
|
babaran
|
-
|
bayen
|
rikma
|
-
|
rambut
|
Tabel
9
Tuladha leksikon krama
inggil ingkang karonce ing ukara:
(i) Pak lurah badhe kula aturi buku menika.
(ii) Pak lurah badhe panjenengan aturi buku
menika?
(iii)
Pak lurah badhe kula caosi buku menika.
e. Leksikon Krama Andhap
Leksikon
krama andhap titikanipun inggih menika: (1) leksikon krama andhap naming saged
dipunginakaken kangge tiyang ingkang gineman, boten saged dipunginakaken kangge
O2 lan O3, (2) leksikon krama andhap gunggungipun kirang langkung naming 6,
inggih menika: paring, matur, dherek, sowan, marak, suwun.
Tuladha leksikon krama
andhap ingkang karonce ing ukara:
(i) Mangke kula kemawon ingkang sowan Pak
Suparman.
(ii) Buku iki wis diparingake bapak marang aku.
(iii)
Bapak wau maringi mas Jono, arta.
(iv)
Pak Sastra, paringanipun dhestar sampun kula tampi.
Tuladha ukara ingkang
boten leres pamilihanipun leksikon :
(i)
Kula wau dipunaturi/ dipuncaosi Pak Dulah, kurma.
(ii)
Simbah yen diparingi jarit iki kersa ora ya?
Tuladha
leksikon krama andhap ingkang gadhah wujud ing leksikon krama inggil saged
dipuntingali ing tabel 10, ngandhap menika.
Leksikon
|
|
Krama Andhap
|
Krama Inggil
|
paring
|
atur/ caos
|
sowan
|
rawuh
|
matur
|
ngendika
|
suwun
|
ngersakaken
|
marak
|
rawuh
|
Tabel
10
f. Leksikon Netral
Titikanipun
leksikon netral inggih menika (1) leksikon netral minangka leksikon ingkang
boten saged dipunpadosi wujud madya,
krama, krama inggil, krama andhap, saha ngokonipun, (2) saged dipunginakaken
dening tiyang ingkang gineman (O1, O2, O3). Tuladhanipun leksikon netral inggih
menika: cendhela, sapu, radio, tv, pelem, coro, lan sapanunggalanipun.
2. Unggah-ungguh Basa Jawi
Unggah-ungguh basa utawi
undha usuk basa ingkang ugi saged dipunwastani tingkat tutur basa Jawi,
kaperang dados kalih tataran, inggih menika basa ngoko saha basa krama. Menawi
wonten wujud unggah-ungguh ingkang sanesipun saged dipunsebat minangka varian saking basa ngoko utawi krama.
a. Basa Ngoko
Ingkang
kawastanan basa ngoko, inggih menika wujuding unggah-ungguh basa Jawi kanthi
ngginakaken tembung ngoko. Mekaten ugi ater-ater, seselan, saha panambangipun
inggih ngoko (tuladhanipun: wuwuhan di-, -e, saha –ake). Ragam ngoko menika
kangge gineman antawisipun tiyang sepuh dhateng tiyang anem utawi tiyang
ingkang kalenggahanipun inggil dhateng tiyang ingkang kalenggahanipun
sangandhapipun. Ragam ngoko ugi dipunginakaken dening tiyang ingkang raket
sanget pasrawunganipun. Ragam ngoko wonten warni kalih, inggih menika (1) ngoko
lugu tuwin (2) ngoko alus.
(1)
Ngoko Lugu
Ragam
ngoko lugu inggih menika wujud unggah-ungguhing basa Jawi ingkang sedaya
tembung-tembungipun ing ukara ngginakaken ngoko, boten ngginakaken tembung
krama lugu utawi krama alus. Tembung-tembung ngoko kala wau dipuntrepaken
dhateng ingkang gineman (O1), ingkang dipunajak gineman (O2), utawi ingkang dipunrembag
(O3). Tuladhanipun:
(i) Aku wis mangan. (O1)
(ii) Kowe wis mangan? (O2)
(iii) Dheweke wis mangan. (O3)
Tembung
mangan wonten ing ukara-ukara kala wau saged
dipunginakaken dening sesulih aku, kowe, saha dheweke. Tuladha
panganggenipun ater-ater, seselan, tuwin panambang ngoko wonten ing ukara.
(i)
Saiki Dhusun Ponggok wis ngrasakake padhange lampu listrik.
(ii) Bukune wis diwaca adhiku wingi
sore.
(iii) Kanca-kancaku wis padha mulih
kabeh.
(2)
Ngoko Alus
Ngoko alus inggih menika unggah-ungguhing basa Jawi
ingkang pangroncening ukara boten naming ngginakaken tembung-tembung ngoko
kemawon, nanging ugi ngginakaken tembung krama utawi krama alus. Nanging
tembung krama utawi krama alus kala wau naming dipunginakaken kangge pakurmatan
tiyang ingkang dipunajak gineman (O2) utawi ingkang dipunrembag (O3).
Tuladhanipun:
(i) Dhuwite mau wis diasta apa durung, Mas?
(ii)
Sing ireng manis kae garwane Pak Rahmat.
(iii)
Kae simbah kakung lagi sare ing kamar.
Tuladha ukara ing nginggil, sanajan ngginakaken tembung
krama, krama lugu, tuwin krama inggil nanging underanipun menika kalebet ragam
ngoko inggih menika ngoko alus. Wuwuhan ingkang dipunginakaken wonten ing ragam
ngoko alus (ingkang rinaket ing tembung krama inggil utawi krama lugu) taksih
sami kaliyan wuwuhan ing ragam ngoko, inggih menika di-, -e, -ake, saha –ne.
Tuladha kados ing nginggil (i) Dhuwite
mau wis diasta apa durung, Mas? Wonten ing ukara menika, tiyang ingkang
dipunajak gineman (Mas), langkung sepuh, dipunaosi kanthi ngginakaken tembung
krama alus asta.
b. Basa Krama
Ragam krama inggih menika
unggah-ungguhing basa Jawi ingkang ngginakaken tembung krama kangge wawab
pangandikan. Wuwuhan ingkang dipunginakaken wonten ing ragam krama, inggih
menika dipun-, -ipun, saha -aken. Ragam krama dipunginakaken kangge tiyang
ingkang boten raket pasrawunganipun utawi tiyang anem dhateng tiyang ingkang
langkung sepuh utawi tiyang ingkang kalenggahanipun andhap dhatenng tiyang
ingkang kalenggahanipun langkung inggil.
Ragam krama saged kaperang
dados kkalih inggih menika (a) krama lugu tuwin (b) krama alus.
(1)
Krama Lugu
Ragam krama lugu ugi kawastanan ragam madya.
Tembung-tembung ingkang karonce wonten ing ukara, saged kadadosan saking
tembung krama dipuncampur kaliyan ngoko, madya, krama, tuwin krama alus.
Ingkang baku saha dados intining ragam krama lugu inggih menika tembung–tembung
krama, madya, dene tembung krama inggil utawi krama andhap kangge pakurmatan
tiyang ingkang dipunajak gineman. Tuladhanipun:
(i) Sakniki nek boten main plesetan,
tiyang sami kesed nonton kethoprak.
(ii) Mangga Yu, niku nyamikane ditedha,
ampun dikendelke mawon.
Wuwuhan ragam krama lugu kadadosan saking wuwuhan ngoko,
dene tembung-tembung kramanipun kathah ingkang dipunwancah. Tembung-tembung
krama alus ing ukara minangka pakurmatan dhumateng tiyang ingkang dipunajak
gineman. Ragam krama lugu menika saestunipun sami kaliyan ragam madya jalaran
boten kapirenng alus menawi kangge wawan gineman. Wuwuhan (afiks) ing ragam
krama menika ngginakaken wuwuhan ngoko. Wuwuhan ngoko inggih menika di-, -e,
-ake, ugi klitik mang. Tuladhanipun:
(i)
Mas, tulung gawan kula niki mangandhapke riyin.
(ii) Bank BRI niku boten saged nglintoni
arta dolar.
(2)
Krama Alus
Ragam krama alus inggih menika unggah-ungguh ing basa
Jawi ingkang sedaya tembungipun krama utawi krama inggil. Wuwuhan nggonakaken
ragam krama (dipun-, -ipun, saha –aken). Tembung-tembung madya saha ngoko boten
dipunginakaken ing ragam krama alus menika. Tembung-tembung krama inggil utawi
krama andhap dipunginakaken kangge pakurmatan dhumateng tiyang ingkang
dipunajak gineman. Tuladhanipun:
(i) Tembung-tembung menika anggen kula
ngempalaken piyambak saking buku.
(ii) Sarana pitulunganipun Gusti Allah,
Nabi Musa saged wilujeng.
C. Cak-cakanipun Mulangaken Materi
Unggah-ungguh Basa ing Sekolah Dasar
Prayoginipun menawi mulangaken
unggah-ungguh basa Jawi dhumateng siswa SD kedah dipunjumbuhaken kaliyan
tataran kelas-ipun. Kangge siswa kelas rendah
ingkang dereng trampil maos, pramila prayoginipun wulangan kanthi lisan.
Tuladhanipun kadhapuk mawi pagineman, kadosta wawan rembag antawisipun guru
kaliyan siswa utawi tiyang sepuh kaliyan lare (siswa). Kajawi menika saged ugi
sarana dolanan/ permainan bahasa mawi
kartu-kartu tembung (kartu-kartu kata),
lelagon (tembang-tembang dolanan). Mekaten ugi bab gladhen saha evaluasi
dipundamel prasaja kemawon.
Mulangaken unggah-ungguh basa
Jawi kangge kelas tinggi, kajawi
kanthi lisan ugi kaparingaken kanthi sarana seratan utawi waosan.
Gladhen-gladhen utawi latihan unggah-ungguh basa ingkang sayektos saha
dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan ing sakiwa tengenipun para siswa, saged
ngindhakaken raos basanipun siswa, saengga saged dados pakulinan tuwin kasalira
ing tindak-tanduk saha budi pekerti ing pasrawungan saben dintenipun.
D. Gladhen
1.
Kadospundi bedanipun leksikon ngoko, madya,
krama, krama andhap, krama inggil, netral, saha kasebatna tuladhanipun?
2.
Kadamelna tuladha ukara-ukara kange wawan ginem
kalyan tiyang sanes kanthi sae lan leres!
3.
Kadospundi cak-cakipun mulangaken unggah-ungguh
basa dhateng siswa sekolah dasar?
E. Kapustakan
Sasangka,
Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2004. Unggah-ungguh
Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
Suwadji.
1994. Ngoko lan Krama. Yogyakarta:
Yayasan Pustaka Nusatama.
PERANGAN III
AKSARA JAWA
A. Ancasipun Wulangan Aksara Jawa
Ancasipun wulangan aksara Jawa inggih menika:
1.
mahasiswa saged nyerat tembung-tembung, ukara,
saha wacana mawi aksara Jawa,
2.
mahasiswa saged maos tembung-tembung, ukara, saha
wacana ingkang kaserat mawi aksara Jawa,
B. Andharan Wulangan Aksara Jawa
Aksara Jawa menika wonten 20, ugi kawastanan aksara legena utawi
dentawyanjana. Saben aksara legena wonten pasanganipun ingkang ginanipun kangge
nyambung wanda sigeg utawi wanda ingkang mati kaliyan wanda candhakipun.
1. Aksara Jawa Legena
Nama
Aksara
|
Wujud Aksara
|
Pasangan
|
Tuladha
|
ha
|
A
|
...........H
|
wit asem
.............................
|
na
|
N
|
..........N..........
|
golek
nanas
.............................
|
Nama
Aksara
|
Wujud Aksara
|
Pasangan
|
Tuladha
|
ca
|
C
|
..........C........
|
kancil
.............................
|
ra
|
R
|
..........R.........
|
kamit
raup
.............................
|
ka
|
K
|
........... K.........
|
ayam
kate
.............................
|
da
|
F
|
...........F.......
|
dandan
.............................
|
ta
|
T
|
.........T........
|
arep
tangi
.............................
|
sa
|
S
|
.............S
|
mangan
salak
.............................
|
wa
|
W
|
.........W........
|
arep
wisuh
.............................
|
la
|
L
|
...........L.......
|
ulam
lele
.............................
|
pa
|
P
|
..........P
|
gupak
pulut
.............................
|
Nama
Aksara
|
Wujud Aksara
|
Pasangan
|
Tuladha
|
dha
|
D
|
.......D......
|
sandhal
.............................
|
ja
|
J
|
..........J.......
|
punjul
.............................
|
ya
|
y
|
........Y.......
|
golek
yuyu
.............................
|
nya
|
V
|
...........V
|
gelem
nyuguh
.............................
|
ma
|
M
|
.......M.....
|
jalma
.............................
|
ga
|
G
|
........G........
|
manuk gagak
.............................
|
ba
|
B
|
.........B.......
|
gambas
.............................
|
tha
|
Q
|
.........Q.......
|
kanthil
.............................
|
nga
|
Z
|
.......Z.....
|
maryam
ngaji
.............................
|
3.
2. Sandhangan
Ingkang kawastanan sandhangan inggih menika tetenger
kangge ngewahi utawi muwuhi swantening aksara utawi pasangan. Sandhangan aksara
Jawa saged kaperang dados kalih inggih menika (a) sandhangan swara saha (b)
sandhangan panyigeging wanda.
a.
Sandhangan Swara
Nama
|
Wujud
|
Swanten
|
Tuladha
|
wulu
|
........i......
|
i
|
biji siji
.............................
|
suku
|
......u.....
|
u
|
dudu untu
.............................
|
taling
|
[ .......
|
e
|
mrene dhewe
.............................
|
taling tarung
|
[ .......o
|
o
|
coro loro
.............................
|
pepet
|
.......e......
|
ê
|
sega pera
.............................
|
b.
Sandhangan Panyigeging Wanda
Nama
|
Wujud
|
Swanten
|
Tuladha
|
wignyan
|
........h
|
h
|
wayah
...........................
|
layar
|
......../........
|
r
|
kartu
.............................
|
cecak
|
......=........
|
ng
|
mangga
.............................
|
pangkon
|
........ \
|
aksara mati
|
mentas
.............................
|
Katrangan panyeratanipun sandhangan inggih
menika:
(i)
sandhangan wulu sumandhing wonten ing sisih kiwa
sandhangan sanesipun. Tuladhanipun: kirti,
(ii)
sandhangan suku ing pasangan ka, ta, la,
wujudipun pasangan dipunewahi kados aksara legena. Tuladha: kalkun, kintun,
(iii)
sandhangan taling tarung ngapit aksara legena,
saengga taling tarung ingkang rumaket pasangan dipunserat kanthi ngapit aksara
mati lan pasanganipun. Tuladha: tumbas soto, kios rokok,
(iv)
sandhangan cecak dipunserat salebeting pepet.
Tuladha: sugeng rawuh,
(v)
kajawi kangge nyigeg aksara, sandhangan pangkon
ugi saged dados sesulihing pada lingsa, ugi saged dados sesulihing pada lungsi
menawi pangkon dipunwuwuhi lingsa. Tuladhanipun panyeratanipun ukara: Bapak
mundhut lem, buku, lan kertas.
(vi)
pangkon dipunginakaken supados panyeratanipun
aksara Jawa boten susun tiga. Tuladha: benik klambi, ngedhuk blumbang.
3. Aksara Mandaswara
Manda tegesipun tengah-tengah, swara
tegesipun uni/ swanten. Mandaswara tegesipun swanten ingkang nyakup konsonan
saha vokal.
Nama
|
Wujud
|
Swanten
|
Tuladha
|
cakra
|
......]......
|
ra
|
Krasa
.............................
|
cakra
keret
|
.......}......
|
re
|
Srengenge
.............................
|
pengkal
|
.......-
|
ya
|
Prasetya
.............................
|
panjing
wa
|
......W......
|
wa
|
Kwali
.............................
|
panjing
la
|
.......L.....
|
la
|
Mlaku
.............................
|
4. Aksara Murda
Nama
|
Aksara Murda
|
Pasangan
|
Tuladha
|
na
|
!
|
...........
|
Nata
Jatmika
.....................................
|
ga
|
&
|
...........
|
Gunung
Galunggung
.....................................
|
pa
|
%
|
...........
|
Prawiramartaya
.....................................
|
sa
|
$
|
...........
|
Sudarsana
.....................................
|
ka
|
@
|
...........
|
Raden
Ajeng Kartini
.....................................
|
ta
|
#
|
...........
|
Trunajaya
.....................................
|
ba
|
*
|
...........
|
Baharudin
.....................................
|
Katrangan panyeratanipun aksara murda
inggih menika:
(i)
aksara murda dipunginakaken nyerat nama tiyang,
gelar, panggenan, asmaning leluhur, jejuluk, saha pandunungipun minangka
pakurmatan,
(ii)
panyeratanipun (setunggal tembung) cekap
ngginakaken aksara murda setunggal kemawon,
(iii)
aksara murda boten dipunginakaken kangge mungkasi
wanda.
5. Aksara Swara
Nama
|
Wujud
|
Tuladha
|
a
|
A
|
Agustus
.........................................
|
e
|
E
|
Espres
........................................
|
i
|
I
|
Ibrahim
........................................
|
o
|
O
|
Oktober
........................................
|
u
|
U
|
Urbanisasi
........................................
|
Katrangan
panyeratanipun aksara swara inggih menika:
(i)
aksara swara kangge nyerat tembung manca/ kata serapan,
(ii)
aksara swara boten saged dados pasangan,
(iii)
aksara swara boten saged rumaketan sandhangan
swara,
(iv)
pa dipuncerek ( )
sesulihipun ( ), saha nga dipunlelet
( ) sesulihipun ( ) kalebet aksara swara. Aksara nga lelet
( ) boten saged kangge pasangan
supados boten mujudaken aksara susun tiga.
6. Aksara Rekan
Nama
|
Wujud
|
Pasangan
|
Tuladha
|
kh
|
k+
|
.......+K......
|
khatib
....................................
|
f/ v
|
p+
|
......P+
|
vaksin
....................................
|
dz
|
f+
|
.....F+.....
|
dzikir
....................................
|
gh
|
g+
|
....G+.....
|
Ghazali
lan Ghulam
....................................
|
z
|
j+
|
.......J+....
|
zakat
....................................
|
sy
|
s+
|
......S+
|
Syamsiyah
....................................
|
Katrangan panyeratanipun aksara rekan inggih menika:
(i)
aksara rekan ginanipun kangge nyerat tembung
manca mliginipun basa Arab,
(ii)
menawi aksara rekan rinaketan sandhangan pepet,
cecakipun tiga dumunung sajroning pepet, tuladhanipun: verbal,
(iii)
menawi rinaketan sandhangan wulu, layar utawi
cecak, cecakipun tiga dumunung wonten ing sisih kiwa, dene sandhangan wonten
ing sisih tengen.
7. Angka Jawa
1
1
|
2
2
|
3
3
|
4
4
|
5
5
|
6
6
|
7
7
|
8
8
|
9
9
|
0
0
|
Katrangan panyeratanipun angka Jawa inggih menika:
(i)
panyeratanipun angka Jawa kaapit pada pangkat
( ),
(ii)
menawi sawingkingipun angka Jawa wonten pada
lingsa utawi pada lungsi, pramila sawingkingipun angka boten kaserat pada
pangkat. Tuladhanipun panyeratanipun ukara: Pak Kaldun kagungan sapi 21, menda
34, lan bebekipun 65.
(iii)
wilangan pecahan prayoginipun boten kaserat mawi
angka. Tuladhanipun: telungprapat meter.
8. Pada (Tanda Baca)
Nama
|
Wujud
|
Ginanipun
|
adeg-adeg
|
?.......
|
kangge
miwiti ukara
|
pada
lingsa
|
.....,....
|
kaginakaken
ing antawisipun peranganing ukara
|
pada
lungsi
|
.........
|
kangge
mungkasi ukara
|
pada
pangkat
|
......:......
|
kangge
ngapit angka saha kangge nedahaken panyebating perangan ukara
|
C. Cak-cakanipun Mulangaken Materi
Aksara Jawa ing SD
Materi aksara Jawa ing Sekolah Dasar, saged
dipunwiwiti saking wulangan maos. Dipunandharaken saking tataran ingkang
prasaja/ sederhana inggih menika
huruf/ aksara (aksara legena, pasangan, lan sandhangan). Guru saged nepangaken
aksara Jawa legena mawi lelagon (kangge kelas rendah/ awal). Sasampunipun pana babagan aksara/ huruf, saged
dipunterasaken kanthi ngracik huruf (aksara legena saha pasanganipun) dados
tembung. Salajengipun saged dipunterasaken kanthi maringi tuladha tembung
ingkang pikantuk sandhangan.
Tuladha tembung-tembung kala wau
kapilih ingkang prasaja kemawon. Menawi sampun pana babagan tembung, saged dipunterasaken
maos saha nyerat aksara Jawa ing tataran frasa/ klausa, saha ukara.
Kangge siswa kelas tinggi, saged dipuntepangaken aksara
Jawa murda, aksara rekan, aksara swara, angka Jawa dumugi tataran wacana.
Gladhen bab aksara Jawa ugi kedah katindakaken dening para siswa saking wujud
ingkang prasaja rumiyin, ugi caranipun nglisanaken dumugi panyeratanipun.
D. Gladhen
- Cobi tuladha tembung-tembung utawi frasa ing tabel-tabel wonten ing nginggil kaserata mawi aksara Jawa!
- Wacan ing ngandhap menika kaserata mawi aksara Jawa!
“Raden Ngabehi Ranggawarsita nalika timuripun asmanipun Bagus Burhan.
Panjenenganipun miyos kala dinten Senen Legi 10 Dulkangidah taun Be 1728 utawi
15 Maret 1802. Bagus Burhan menika putranipun Mas Pujangswara. Saking ramanipun
kaprenah tedhak kaping tigawelas saking Sultan Adiwijaya ing Pajang.”
- Cobi seratan mawi aksara Jawa ing ngandhap menika dipunwaos salajengipun dipunserat mawi aksara Latin!
[pomkkipdfipu[nHli=,ai=pitutu/ai=[zo=,siraugst]iyar[nN,kufuanT_jtMikai=bufi,ruruhs/twsis\smubr=zipun\,
E. Kapustakan
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
Tim Pemerintah Propinsi DIY, Jateng, dan Jatim.
1998. Pedoman Penulisan Aksara Jawa.
Yogyakarta.
PERANGAN IV
KASUSASTRAN JAWI
A. Ancasipun Wulangan Kasusastran Jawi
1.
Mahasiswa saged mangertosi jinis-jinisipun asil
sastra Jawi.
2.
Mahasiswa saged mangertosi bab-bab ingkang
magepokan kaliyan sastra prosa Jawi, sastra puisi Jawi, sastra drama Jawi.
3.
Mahasiswa saged milah saha milih asiling sastra
Jawi ingkang trep kangge siswa SD.
B. Andharan Wulangan Kasusastran Jawi
Tembung kasusastran
asalipun saking ka + su – sastra + an. Tembung sastra menika saking basa
Sanskerta, wod √sas ingkang tegesipun mucal, diandikani, dipuntuturi. Wuwuhan
tra nggadhahi teges pirantos. Tembung sasatra sakawit ateges pirantos kangge
wewarah utawi mucal anggulawenthah. Ewa
semanten menawi dipungatosaken malih, pirantos menika magepokan kaliyan basa.
Wujudipun basa inggih menika lisan saha tulisan. Pramila lajeng wonten sastra
lisan kaliyan sastra tulis/ seratan. Wohing pikir lan budining manungsa ingkang
kawedhar sarana basa utawi karacik kanthi wujuding tulisan utawi basa lisan
kalebet ewoning sastra. Caranipun mahyakaken basa saged melok lan simbolis.
Mila ugi wonten sastra realis lan sastra simbolis, sinaosa basa menika ugi
perangan saking wujudipun simbol.
Wanda su ateges sae,
becik, endah. Tembung susastra ateges sastra ingkang sae, becik, utawi endah.
Kasusastran inggih menika wohing pikir saha budining manungsa ingkang awujud
racikaning basa lisan utawi tulisan ingkang ngemu kaendahan.
Sejarah kabudayan Jawi
menika sampun nate kenging pengaruh saking budaya Hindu, Budha, Islam, Kristen,
lansapanunggalanipun. Bab menika nilaraken tilas utawi tepak, kalebet ing
sastranipun. Pramila boten nami ngayawara menawi pengin nyinau sastra Jawi
inggih kedah nyinau kabudayan-kabudayan sanesipun kala wau, kalebet basanipun,
dados prayoginipun ugi kedah nyinau basa Sanskerta, basa Jawa Kuna, basa Arab,
lan sapanunggalanipun. Wujud sastra kaperang dados tiga, inggih menika: prosa
(gancaran), puisi, lan drama.
1.
Prosa (Gancaran)
Wujud
sastra prosa utawi gancaran ingkang pinanggih ing sastra Jawi, inggih menika
prosa Jawi Kina, prosa Jawi Tengahan, saha prosa Jawi modern.
a. Prosa Jawi Kina
Ingkang kalebet prosa Jawi
Kina utawi sastra parwa antawisipun Serat Candakarana,
Brahmandhapurana,Agastyaparwa, Uttarakandha, Adiparwa lan sapanunggalanipun.
b. Prosa Jawi Tengahan
Wonten
malih ingkang kalebet sastra Jawi Tengahan prosa inggih menika Tantu
Panggelaran, Calon Arang, Tantri Kamandaka, lan sapanunggalanipun.
c. Prosa Jawi Modern
Dene
ing prosa Jawi modern pinanggih asil sastra ingkang awujud: (1) roman, inggih
menika cariyos ingkang nggambaraken gesangipun tiyang saking lair utawi
mijilipun ngantos sedanipun. Jinisipun werni-werni, tuladhanipun: roman adat,
roman sosial, roman detektif, lan sapanunggalanipun; (2) novel; (3) cerbung;
(4) cerkak; (5) dongeng; (6) jagading lelembut.
2.
Puisi
Wujud
sastra puisi ingkang pinanggih ing sastra Jawi, antawisipun inggih menika
tembang, parikan, saha geguritan.
a)
Tembang
Wujuding
tembang ingkang pinanggih ing satra Jawi antawisipun: tembang minangka asiling
sastra Jawi Kina (kakawin), tembang asiling sastra Jawi Tengahan (kidung),
tembang minangka asiling kasusastran Jawi enggal (tembang ageng, tembang
tengahan, tembang macapat, saha tembang dolanan).
(1) Kakawin
Asiling
sastra Jawi Kina puisi dipunwastani kakawin. Tembung kakawin lingganipun kawi
(puisi), saking basa Sanskerta. Tiyang ingkang nganggit kawi dipunsebat kawya.
Tuladhanipun: kakawin Ramayana, Arjunawiwaha, Kresnayana, Bharatayuddha,
Kunjarakarna, lan sapanunggalanipun. Kakawin pinathok kaliyan paugeran:
(i)
Pinathok dening metrum-metrum saking India/ bahasa Sanskerta (aturan
panjang utawi cekak ingkang tartemtu lan ajeg ing gatra);
(ii)
Saben sapada kadadosan saking 4 gatra utawi larik;
(iii) Saben sagatra cacahipun wanda sami
utawi ajeg;
(iv) Pinathok ing swanten panjang/ guru
(ghuru: anteb: — : a, i, u, o, e, o, au, ai/ sigeg) saha swanten cekak/ lagu
(laghu: ampang: : a, i, u,e).
(2)
Kidung (sastra Jawi Tengahan puisi)
Tembung
kidung ateges nyanyian. Tembung kidung menika kalebet puisi anggitanipun
pujangga jaman Majapait. Limrahipun, kidung menika dipunginakaken kangge
namaning rumpakan ingkang basanipun Jawa Kuna Majapaitan ingkang kasebat Jawi
Tengahan. Tuladhanipun: Dewa ruci, Sudamala, Kidung Subrata, Suluk Sukarsa,
Koja Jajahan, Panji Angreni, lan sapanunggalanipun. Kakawin pinathok kaliyan
paugeran:
(i)
pinathok dening metrum-metrum Jawi (metrum tengahan);
(ii)
pinathok ing guru gatra (cacahing gatra saben sapada);
(iii)
guru wilangan (cacahing wanda saben sagatra);
(iv)
guru lagu (dhong-dhinging swara/ dhawahing swanten ing pungkasaning gatra);
(3)
Kasusastran Jawi Enggal
Ingkang kagolong kasusastran Jawi
enggal inggih menika tembang gedhe,
tembang tengahan, tembang macapat, saha tembang dolanan. Paugeran saben tembang
dipunandharaken ing ngandhap menika.
Tembang
gedhe utawi sekar ageng inggih menika araning tembang ingkang pinathok paugeran
(a) kadadosan saking sekawan gatra, saha (b) saben sagatra cacahipun wanda sami
utawi ajeg. Tuladhanipun tembang gedhe inggih menika Kusumastuti,
Kusumawicitra, Tebu Sauyun, Bramarawilasita, Muduretna, lan sapanunggalanipun.
Tembang
tengahan/ tembang madya/ tembang dhagelan inggih menika jinising tembang mawi
basa Jawi enggal, ingkang pinathok paugeran: guru gatra, guru wilangan, guru
lagu. Tuladhanipun: Wirangrong (6 gatra: 8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a), Balabak (6
gatra: 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e), Jurudemung (7 gatra: 8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a,
8u), Kuswarini, Pranasmara, Pangajapsih, lan sapanunggalanipun.
Tembung
macapat utawi tembang alit menika wonten ingkang mastani bilih saking tembung
ma + cepat. Tembang macapat anggenipun maos rikat utawi boten alon, lagunipun
boten kekathahan cengkok.Wonten malih ingkang mastani bilih macapat menika
saking jarwa dhosokipun macane papat-papat. Inggih menika anggenipun nyekaraken
pamedhoting gatra wiwitan dhawah wanda ingkang kaping sekawan (papat). Tembang
macapat ugi kaiket dening paugeran: guru gatra, guru guru lagu, guru wilangan.
Ingkang kalebet tembang macapat miturut Subalidinata (1994) inggih menika:
(i)
Sinom: (9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)
(ii)
Pangkur (7 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
(iii) Asmaradana (7 gatra: 8i, 8a, 8e, 8a,
7a, 8u, 8a)
(iv) Kinanthi (6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i,
8a, 8i)
(v)
Mijil (6 gatra: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
(vi) Durma (7 gatra: 12a, 8i, 6a, 7a, 8i,
5a, 7i)
(vii) Pucung (4 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a)
(viii) Maskumambang (4 gatra: 12i, 6a, 8i,
8a)
(ix) Gambuh (5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u,
8o)
(x)
Megatruh (5 gatra: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
(xi) Dhandhanggula (10 gatra: 10i, 10a,
8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
Kajawi
wujud kasusastran Jawi enggal ingkang kasebat ing nginggil, miturut Padmosoekatja
(1953), tembang-tembang ingkang limrah ing kasusatran jaman samenika, cacahipun
wonten 15 warni, inggih menika (i) tembang Macapat: Kinanthi, Pucung,
Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Sinom, Dhandhanggula, Durma, (ii)
tembang Tengahan: Gambuh, Megatruh (Dhudhukwuluh), Balabak, Wirangrong,
Jurudemung, (iii) tembang Gedhe: Girisa.
Jinising
tembang kalawau minangka pralambang gesanging manungsa, wiwit lair utawi
mijilipun dumugi sedanipun. Pralambang saben tembang inggih menika:
(i)
Mijil :
manungsa lair utawi mijil ing ngalam
donya medal saking guwa garba;
(ii)
Kinanthi : nalika taksih alit lajeng
dipuntuntun utawi
dipunkancani,
dikanthi;
(iii) Sinom :
sampun wiwit remaja (garbanipun si +
enom);
(iv) Asmaradana :
gadhah raos tresna/ aweh katresnan
dhumateng tiyang sanes;
(v)
Dhandhanggula : kataman raos
tresna sedaya swasana katon
endah lan manis;
(vi)
Gambuh :
sasampunipun mengku kulawarga kedah,
mangertos/ gambuh/ kulinten/ sareh
dhumateng prekawisipun gesang;
(vii)
Maskumambang : menawi sampun
sepuh gesangipun bakal
ngambang menggalih donya lan akherat;
(viii)
Durma : tambah
sepuh sansaya mundur;
(ix)
Pangkur :
mungkur saking gesang kadonyan,
ngadhepi akherat lajeng gentur ngibadah;
(x)
Megatruh : seda
ateges pegat ruhipun;
(xi)
Pocung : lajeng
dipunbuntel utawi dipunpocong.
Dene watakipun tembang-tembang kalawau inggih menika (i)
mijil awatak wedharing raos, saged kangge medharaken pitutur, ugi saged kangge
cariyos gandrungan, (ii) kinanthi: seneng, asih, tresna, saged kangge
medharaken piwulang, ugi saged kangge cariyos ingkang ngemu raos asmara,
gandrungan, (iii) sinom awatak grapyak, renyah, saged kangge sesorah utawi
mituturi, (iv) asmaradana gadhah raos sengsem, sedhih, prihatin, nanging
prihatin amargi ketaman raos asmara, saged ugi kangge medharaken asmara, (v)
dhandhanggula: awatak resep, luwes. Kangge cariyos menapa kemawon saged luwes,
nanging limrahipun kangge bebuka, medharaken piwulang, gandrungan, (vi) gambuh
awatak rumaket, kulinten, kangge medharaken pitutur ingkang radi sereng,
limrahipun ngangge basa ngoko (nggambaraken tiyang ingkang sampun rumaket
sesrawunganipun), (vii) maskumambang awatak nelangsa, medharaken raos ingkang
ngeres, nelangsa, karanta, ranta, (viii) durma: galak, muntab, medharaken raos
manah ingkang duka/ nepsu, ugi saged kangge cariyos perang, (ix) pangkur awatak
sereng, saged kangge pitutur ingkang sereng, (x) megatruh awatak sedhih,
nglokro, medharaken gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta, (xi) pocung
awatak kendho, kangge cariyos ingkang naming sakepenakipun piyambak.
Tembang dolanan inggih menika tembang ingkang basanipun
Jawi enggal saha gampil dipunmangertosi dening lare-lare. Wonten ingkang
nyekaraken kanthi solah bawa, isinipun pitutur, cangkriman, dongeng lan sapanunggalane.
Tuladhanipun: sluku-sluku bathok, Jamuran, Kupu Kuning, Pendhisil, Paman Tukang
Kayu, lan sapanunggalanipun.
b)
Parikan
Tembung
parikan wonten gegayutanipun kaliyan tembung pari. Ing basa Melayu dipunsebat pantun. Racikan saha paugeranipun meh
sami kaliyan pantun. Parikan ngemu paugeran: (1) parikan sapada kadadosan
saking 2 utawi 4 gatra, (2) purwakanthi a- b- a- b, (3) gatra kapisan lan
kapindho minangka purwaka/ sampiran,
gatra katelu lan kaping papat minangka isining parikan. Tuladha parikan:
Parikan ringkes (Karmina)
Ø Manuk glathik dibubuti,
Rambut brintik merak ati.
Ø Anak dara jare piyik,
Seneng nangga ora becik.
Parikan ingkang
kadadosan saking kalih gatra
Ø Kembang waru asri megare tan dangu,
Ayo nggugu ujar piwulanging guru.
Ø Nyangking ember kiwa tengen,
Lungguh jejer tamba kangen.
Parikan sekawan gatra
Ø Kutha Sala dalane rame,
Sriwedari tengah prenahe,
Aku gela amarga kowe,
Angger janji arang nyatane.
c)
Geguritan
Geguritan
inggih menika iketaning basa ingkang memper syair. Pramila wonten ingkang
nyebat syair Jawi gagrag enggal. Tembung geguritan asalipun saking tembung
gurita (minangka ewah-ewahanipun tembung gerita). Tembung gerita lingganipun
gita, ateges ‘tembang’ utawi ‘syair’ (Subalidinata: 1994). Nanging wonten malih
ingkang mastani bilih geguritan kadadosan saking tembung lingga gurit (dwipurwa
lan panambang –an). Tembung gurit ateges ‘tatahan’ utawi’tulisan’. Suwau,
geguritan menika awujud kados syair (Indonesia), liripun larikanipun wonten 4
lan purwakanthinipun a - a - a - a. Tuladhanipun inggih menika:
Cohung,
cohung, ora gombak ora kuncung,
anggepe
kaya tumenggung,
e…jreg,
e…nong, e…jreg, e…gung,
sisir
gula jenang jagung.
Samangke,
sedaya wujud puisi Jawi modern saged kasebat geguritan. Menawi katitik saking
tuladha ing media massa, geguritan modern samenika sampun bebas sanget. Mila
lajeng wonten kemawon geguritan ingkang meh sami kaliyan cerkak. Bedanipun
prasasat naming panganggepipun ingkang ngripta, amargi karya sastra menika
boten wonten lepatipun.
Wewatesipun puisi menika menapa, inggih boten wonten
ingkang nemtokaken kedah kados pundi. Nanging ingkang saged dados pancadan
inggih menika menawi gancaran langkung nengenaken kisahan utawi narasi, nanging menawi geguritan langkung nengenaken
pilihan tembung (diksinipun) ingkang
mahyakaken kekajengan kanthi cara ingkang boten langsung (Reffaterre, 1978).
Liripun, ing gancaran menika ancasipun supados ingkang maos saged nampi kanthi
mangertosi isi utawi makna saben ukara-ukaranipun. Dados struktur basanipun normatif. Dene puisi boten kedah normatif.
3. Drama
Ing
drama Jawi pinanggih jinising drama radio saha drama kangge panggung utawi
pementasan. Menawi katitik saking isinipun, jinising drama Jawi pinanggih drama
wayang utawi ringgit, kethoprak, langen mandra wanara, drama modern, lan
sapanunggalanipun.
4.
Rengga Sastra
Kajawi puisi, prosa,
saha drama ingkang sampun kaandharan ing nginggil, wonten malih karya sastra
Jawi ingkang mirunggan (badhe karembag ing bab rengga sastra menika), antawisipun
cangkriman, wangsalan, paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, saha panyandra.
a. Cangkriman
Cangkriman inggih menika
unen-unen ingkang rinacik ing tembung ingkang tumata, suraos utawi isinipun
ngemu teges ingkang kedah dipunbadhe. Cangkriman ugi dipunsebat badhean,
batangan, utawi bedhekan. Ing panggenan tartemtu, kasebat capean. Wujud saha
dhapukanipun saged kaperang dados cangkriman (1) ingkang kadadosan saking
rerakitaning tembung wancah, (2) ingkang ngemu suraos pepindhan utawi
irib-iriban/ memper, saha (3) ingkang suraosipun blenderan utawi teges
plesetan.
Cangkriman ingkang
kadadosan saking rerakitaning tembung wancah utawi dipuncekak. Tuladhanipun:
(i)
yu mahe rong = yuyu omahe ngerong,
(ii)
burnas kopen = bubur panas kokopen,
(iii) surles penen = susur teles pepenen,
(iv) nituk lersure = nini ngantuk diseler
susure,
(v)
pipiru ndangndangmoh thongthongjur =
sapi-sapine guru,
kandhange amoh, tlethong-tlethonge
ajur.
Cangkriman ingkang
kadadosan saking rerakitaning ukara ingkang ngemu suraos pepindhan utawi
irib-iriban/ memper. Tuladhanipun:
(i)
pitik walik saba kebon = nanas,
(ii)
emboke wuda, anake tapihan = pring,
(iii) sawah rong kedhok, galengane mung
sitok = godhong gedhang,
(iv) yen lali katut, yen kelingan keri =
suket dom-doman,
Cangkriman ingkang
awujud pepindhan ugi wonten ingkang kamot utawi sinawung ing tembang,
limrahipun tembang Pucung utawi tembang Balabag. Tuladhanipun:
Jroning guwa kinarya umpetan baya, ndepepes,
Bajul putih rinajeg wesi santosa, galigen,
Yen ngantiya bajul ucul weh bebaya, lwih gedhe.
Baya = ilat. Ilat menika
limrahipun werninipun semu/ radi pethak. Bajul putih pinager rajeg wesi = untu.
Menawi bajul pethak menika ucul mbebayani sanget = menawi ilat menika medalaken
tetembungan ingkang boten prayogi, saged mbebayani sanget tumraping pasrawungan,
saged ndadosaken salah tampi.
Cangkriman ingkang
suraosipun blenderan utawi teges plesetan. Tuladhanipun:
(i) Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe
silit nanging ora tau
bebuwang. Sapa kuwi? (gendul);
(ii) Ana piranti sabane ing pawon. Bareng
ketiban cecak bisa mabur. Apa
kuwi? (kalo) tulisen nganggo aksara
Jawa.
(iii) Dheweke wus anguk-anguk kubur.
Maksude wis lara banget, meh
mati.
(iv) Wong ketiban duren bakal sugih pari.
(paringisan amarga kelaran)
(v) Tulisane Arab macane saka ngendi?
(saka alas)
b. Wangsalan
Wangsalan inggih menika
unen-unen ingkang meh sami utawi saemper kaliyan cangkriman, nanging limrahipun
wangsulanipun sampun dipunsebataken kanthi cara sinandhi utawi boten
dipunblakakaken. Tembung wangsalan menika nunggal teges kaliyan tembung wangsulan.wangsalan
ugi kathah ingkang tinemu ing kasusatran, limrahipun rinaket ing basa pinathok
lan rinengga, ugi wonten ingkang sinawung ing tembang. Wujudipun wangsalan
miturut Subalidinata (1994) inggih menika inggih (1) wangsalan padinan, (2)
wangsalan ingkang rinacik ing ukara, (3) wangsalan ingkang kadadosan saking
kalih ukara utawi kalih gatra.
Wangsalan padinan inggih
menika wangsalan ingkang limrahipun kangge pagineman saben dintenipun, wonten
ingkang tanpa nyebataken batanganipun amargi ingkang mirengaken sampun
dipunanggep mangertos suraosipun. Tuladhanipun:
(i) Isih enom kok njangan gori. (jangan gori=
gudheg);
(ii) We, kok banjur ngewoh kesambi. (woh kesambi=
kucacil);
(iii)Kowe iku, kok mung mutra bebek
(putra bebek = meri);
(iv)Wong mung guyon wae kok banjur
mentil kacang. (pentil kacang =
besengut),
(v) Jenang gula mas. Welingku wingi! (jenang
gula glali).
Wangsalan
ingkang rinacik ing ukara. Tuladhanipun inggih menika:
(i) Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
(eso);
(ii) Balung klapa, ethok-ethok ora priksa
(bathok);
(iii)Cecak toya, aja mingkar ing ubaya
(baya);
(iv)Kukus gantung, sawangane sajak
bingung (sawang).
Wangsalan ingkang kadadosan
saking kalih ukara utawi kalih gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan
(cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekan utawi tebusanipun. Tuladhanipun:
(i)
Kolik priya, priya tinilar kang garwa (tuhu; duda).
Lamun tuhu, pepadha
tresna ing kalbu.
(ii)
Kolik priya, priya gung Anjani putra (Manuk tuhu, Anoman)
Tuhu
eman, wong anom wedi kangelan.
c. Paribasan
Paribasan inggih menika
unen-unen ingkang gumathok racikanipun saha mawi teges tartemtu. Racikanipun
tembung boten ewah, suraos utawi tegesipun ugi gumathok, limrahipun ateges
entar. Paribasan ugi saged dipunsebat minangka unen-unen ingkang ajeg
panganggenipun, mawi teges entar (kias) tetembunganipun wantah (limrah), boten
ngginakaken pepindhan (gegambaran).
Tuladhanipun:
1. adigang, adigung, adiguna =
ngendelake kekuwatan, keluhuran, lan
kapinteran;
2. ana catur mungkur = ora ngrungokake
guneman kang ala;
3. mikul dhuwur mendhem jero = anak
kang bias njunjung drajate wong
tuwa;
4. sing sapa salah seleh = sapa sing
salah bakal konangan;
5. welas tanpa lalis = karepe ngeman
nanging malah gawe kapitunan;
6. criwis cawis = nyacad akeh omonge,
nanging uga mrantasi ing gawe;
7. dahwen ati open = nyacad nanging
duwe pamrih;
8. tulung menthung = katone mitulungi
nanging malah gawe rekasa.
d. Bebasan
Ingkang dipunsebat
bebasan inggih menika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, gadhah teges entar
(kias) mawi gegambaran kewan, barang, kahanan, ingkang dipungambaraken sipating
manungsa utawi kahananipun tiyang/ tindak tandukipun..
Tuladhanipun:
1. aji godhong jati aking (garing) =
asor banget ora ana ajine;
2. esok dhele sore tempe = ora teteg
atine gampang molah-malih;
3. nguthi-uthik macan dhedhe = njarag
gawe nesune wong kang wis lilih
atine;
4. suduk gunting tatu loro = nindakake
pagawean mung sawerna, kliru
mula kapitunane luwih saka siji;
5. sedhakep angawe-awe = ninggalake
tumindak ala, nanging ing batin
isih
kepengin nglakoni.
e. Saloka
Saloka inggih menika
unen-unen ingkang ejeg panganggenipun, mawi gegambaran (pepindhan) kewan,
barang, utawi kahanan, sing dipindhakake wonge lan tembunge sing dadi pepindhan
dumunung ing ngarep ukara utawi dados jejer. Tuladhanipun:
1.
cebol nggayuh lintang = gegayuhan kang mokal bisa kelakon;
2.
jati ketlusuban ruyung = kumpulan wong becik kecampuran wong ala;
3.
satru munggwing cangklakan = mungsuh sing isih sanak sedulur;
4. timun wungkuk jaga imbuh = wong
bodho kanggone mung yen kekurangan wae;
5. endhas gundhul dikepeti = wis
kepenak dienak-enakke.
f. Pepindhan
Pepindhan inggih menika
unen-unen ingkang ngemu suraos pepadhan, irib-iriban, emper-emperan. Ing
kasusastran Jawi, pepindhan menika limrahipun ngginakaken tembung kaya, lir,
pindha, kadi, kadya. Tuladhanipun pepindhan inggih menika :
- galake kaya macan manak,
- rukune kaya mimi lan mintuna,
- polahe kadya gabah diinteri,
- beda kaya bumi lan langit.
g. Panyandra
Nggambaraken kaendahan
peranganing badan/ sawijining kahanan utawi solah bawa. Tuladhanipun panyandra
inggih menika.
1.
alise nanggal sepisan,
2.
bangkekane nawon kemit,
3.
brengose nguler keket,
4.
lakune macan luwe,
5.
untune miji timun.
h. Sandiasma
Inggih menika nama
sinamar utawi sinawung ing tembang. Tuladhanipun nama Ki Marta Suwita ingkang
sinawung ing tembang kinanthi ngandhap menika.
Kinanthi sujanma idhup,
mardi mardaweng palupi,
tama tumanem mrih bias,
susulange janma nguni,
winuruk ing tapa brata,
tatane wirid puniki.
C. Cak-cakanipun Mulangaken Materi
Kasusastran Jawi ing SD
Mulangaken kasusastran Jawi kangge
siswa SD, liripun siswa kedah dipunkulinakaken nampi lajeng ngonceki,
ngraosaken, ngantos saged ngripta karya sastra, tamtu kemawon kajumbuhaken
tataran kelasipun (kawiwitan saking karya sastra ingkang prasaja saha gampil).
Bab menika mbetahaken cara kangge nuwuhaken pikajenganipun siswa piyambak.
Umpami para siswa sampun mrentul saking niyatipun piyambak, guru kantun tut
wuri handayani. Pramila, ing pembelajaran sastra, bakunipun kedah saged damel
siswanipun ngremeni sastra (Endraswara,
2003). Kejawi menika, bilih sedaya materi sastra saged kaparinagken dhateng
siswa kanthi cara miturut kompetensi pokokipin, inggih menika maos, wicara,
nyemak, saha nyerat sastra.
Ing cak-cakanipun saben materi
nggadhahi cara-cara ingkang mirunggan kajumbuhaken kaliyan kawontenanipun
siswa. Umpaminipun bab dongeng, miturut Endraswara (2003) menawi milih dongeng
kedah (1) trep kaliyan kabetahanipun siswa, pramila guru naming nyawisaken
alternatif, (2) trep kaliyan kawontenan sakiwatengenipun siswa (dongeng lokal),
(3) isi/ amanat dongeng trep kaliyan
kabetahanipun siswa.
D. Gladhen
1.
Kaandharna jinisipun asil karya sastra Jawi
miturut wujud saha isinipun!
2.
Kaandharna pangertosan saha kasebatna
tuladhanipun:
a. Cangkriman
b. Wangsalan
c. Paribasan
d.
Bebasan
e. Saloka
f. Pepindhan
3.
Kasebatna asil-asil sastra Jawi ingkang trep kangge
wulangan SD!
4.
Kaanggita cariyos utawi dongeng ingkang trep
kangge wulangan ing SD!
5.
Kadospundi cak-cakanipun mulangaken sastra Jawi
dhateng siswa SD?
E. Kapustakan
Endraswara,
Suwardi. 2003. Membaca, Menulis,
Mengajarkan Sastra: Sastra Berbasis Kompetensi. Yogyakarta: Kota Kembang.
Subalidinata.
1994. Kawruh Kasusastran Jawa.
Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
PERANGAN
V
SEKAR
DOLANAN SAHA MACAPAT
A.
Ancasipun Wulangan Sekar Dolanan
saha Macapat
1. Mahasiswa saged nyebataken paugeranipun sekar,
2. Mahasiswa saged ngripta sekar
macapat miturut paugeranipun kangge wulangan ing SD,
3. Mahasiswa saged nyekaraken sekar
dolanan saha macapat.
B.
Andharan Wulangan Sekar Dolanan saha
Macapat
1.
Nyinau Sekar Jawi
Sekar inggih menika
rumpakan ingkang ngginakaken tatacara pinathok. Pathokan ingkang ngiket sekar
warni-warni. Sekar ingkang kangge bahan wucalan kedahipun kapilih ingkang pas,
jumbuh kaliyan kawontenanipun siswa, saha prayoginipun menawi boten naming
wujud teori sekar kemawon.
Teori sekar langkung sae
dipunwucalaken samadya kemawon. Ingkang baku siswa saged nyekar kanthi pas,
boten kedah sae kados dene sindhen utawi wiraswanten. Wucalan sekar dipunangkah
amrih siswa saged nyekar kanthi prasaja kemawon, dene wonten siswa ingkang
gadhah greget saha bakat menjila prelu dipunsukani kalodhangan.
Bab-bab ingkang prayogi
dipungatosaken wonten wucalan sekar kangge siswa SD, inggih menika.
a)
dipunpilah saha dipunpilih sekar ingkang boten kekathahen luk saha cengkok,
cekap prasaja kemawon,
b)
notasi naming cekap kangge nuntun,
c)
basanipun utawi cakepanipun kapilih ingkang prasaja, boten angel-angel
sanget, laras kaliyan siswanipun. Kajawi menika ugi dipunpadosi ingkang ngemot
pitutur utawi piwulang becik saha luhur utawi budi pekerti, saged ugi dhagelan,
d)
cacahipun larik utawi gatra dipunpilih ingkang cekak saengga gampil
dipunsinau saha dipunapalaken dening siswa,
e)
pamilah saha pamilihing sekar kajumbuhaken kaliyan kelasipun. Tuladhanipun
kangge siswa kelas I- II langkung prayogi awujud sekar dolanan rumiyin, ingkang
awatak gumbira, dhagelan, saha prasaja, saumpami “kupu kuwi”, “kamit”, “pitik
walik”, lan sapanunggalanipun. Menawi sampun ngancik kelas III, saged
dipunpilih sekar macapat ingkang cekak, saumpami gambuh utawi pocung, lan
sapanunggalanipun.
2.
Praktek Nyekar
Ingkang prelu
dipungatosaken kangge nyinau praktek nyekar inggih menika: (a) jangga
dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk, (b) vokal kedah ingkang los
(las-lasan, cetha, prasaja anggenipun nyekar), boten dipundamel-damel, (c)
menawi pinuju nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata, saha (d)
langkung prayogi lenggah sila tumpang, boten ngadeg.
Menawi sampun wiwit
nyekar, wonten babagan ingkang prelu dipungatosaken nalika praktek, inggih
menika:
a) kelas dipundamel regeng, gumbira,
ingkang baku saged mlampah pembelajaranipun,
b) guru nyukani tuladha sekar (notasi
saha cakepanipun) pisan utawi pindho ngantos wetah, menawi prelu dipunthinthingi
notasi utawi paraga sanesipun,
c) siswa dipunajak maos notasi.
Saderengipun, guru nyukani tuladha waosan notasi sagatra mbaka sagatra. Siswa
katuntun nirokaken notasi,
d) dipunlajengaken nirokaken
cakepanipun. Guru nyukani tuladha kadospundi nyekaraken tembang (cakepanipun).
Siswa katuntun nirokaken nyekar sagtra mbaka sagatra,
e) guru kaliyan siswa sareng-sareng
ngambali malih sekar kala wau kanthi wetah. Perangan ingkang angel dipunambali,
f) salajengipun guru kaliyan siswa
ngrembag sesarengan tembung-tembung ingkang karacik wonten ing sekar kala wau.
Pitutur utawi piwulang becik menapa kemawon ingkang kaemot wonten ing sekar.
Kajawi bab ingkang
kasebataken ing nginggil kala wau, saged ugi anggenipun mucalaken sekar kanthi
klompok. Para siswa kapantha-pantha dados klompok-klompok alit (1 klompok= 3
siswa), supados gampil anggenipun mangertosi, sinten ingkang sampun leres lan
sinten siswa ingkang dereng leres anggenipun nyekar. Guru lajeng ndhawuhi
praktek nyekar miturut klompok, saged ugi dipunterasaken kanthi saut-sautan
(gatra/ larik sepisan dipunsekaraken dening sawijining klompok, larik kapindho
dipunterasaken dening klompok sanes, lan salajengipun kanthi saut-sautan). Cara
menika saged ugi kangge gladhen nyemak, amargi saben klompok temtu kemawon nggatosaken
supados menawi dipundhawuhi guru saged teras nyaut kanthi pas.
Sasampunipun praktek
nyekar klompok kala wau, menawi wonten siswa ingkang sampun wantun nyekar
piyambak, pramila saged dipungilir, sinambi dipunprenahaken menawi kirang
pas.
3.
Tuladhanipun Sekar Dolanan
Ilir- ilir
Slendro
P. Sanga
. . 5
5 5 6 1
5 5 2 3
5 5
3 2
I - lir – i- lir tandur- e
wis sumi- lir,
2 2 2
2 5 5
3 2 1
3 2 1
6 1 6
5
tak
i- jo ro-
yo ro- yo tak- sengguh
teman- ten a-
nyar,
. . 5
5 5 6
1 5 5
2 3 5 5
3 2
bo- cah a-
ngon penek- na blim- bing ku-
wi,
2 2 2
2 5
5 3 2
1 3 2
1 6 1
6 5
lu-nyu
lunyu penek- en
kanggo ma- suh
do- dot- i-
ra,
. . 5
5 5 6 1
5 5 5
2 3 5
5 3 2
do- dot i- ra ku- mi-
tir be-dhah ing
ping- gir,
2 2 2
2 5 5
3 2 1
3 2 1
6 1 6
5
doma- na jlu-
mata- na kang- go se-
ba mengko so-
re,
1 6 1
2 1 6
1 5 1
6 1 2
1 6 1
5
mumpung ge-dhe
rembu- lan- e, mumpung
jembar ka-lang- an- e,
. . 5 6 1
5 32 3
. 5 1
3 2 1
1 6 5
ya su- rak- a su- rak ho re.
Cublak Cublak Suweng
Slendro
Pathet Manyura
. 3 5
5 3 2
1 2 3
2 5 3
2 1
Cu- blak
cu- blak su-
weng su- weng- e ting
ge- len- ter,
2 3 2
5 3 2
1 1 5
6 1 6
2 1 1
mambu
ke-tun-dhung gu- del,
pak em- pong le- ra
le- re, sa-
1 5 6
1 6 2
1 5 .
5 3 2
1 2 3
5
pa nggu- yu ndhe-lik- a-
ke, sir sir
pong dhe- le
go- song, sir
. 5 3
2 1 2
3 5 .
5 3 2
1 2 1
sir pong
dhe- le go-
song sir sir
pong dhe- le
go- song
Kamit
Slendro Pathet Sanga
. 2 2
2 2 5
6 1 .
1 6 1
6 2
1
Na- ma
ku- la Ka-
mit, ku- la
da- dos dhok-
ter,
. 6 6
6 6 1
5 6 .
5 3 5 2
3 5
njam- pe-
ni se- sa-
kit, sa- ka-
lang- kung pin-
ter,
. 2 2
2 2 5
6 1 .
1 6 1 6
2 1
ra- di ka-
le- re- san,
nyu- wun jam- pi
wu- dun,
. 6 6
6 6 1 5 6
. 5 3
5 2 3
5
Sam- pun
ti- gang wu-
lan, bo- ten
man- tun man- tun.
Menthog- menthog
Pelog
Pathet Nem
. . 6
6 . .
6 6 .
. 6 3
. 5 5 3 6
6
Menthog menthog tak- kan-
dha- ni,
. . 2
3 1 . 2 6
. 5 3
6 . 6
3 2 1
6 5
mung so- lah- mu
a- ngi- sin- i-
sin- i,
. 5 5
2 3 . 5 5
3 6 6
6 6 5
3 5 6 5 6 5
bok ya
a- ja nge-
tok, a- na
kan- dhang wa- e,
. 5 5
2 3 . 5 5
3 6 6
6 6 5
3 5 6 5 6 5
e- nak e-
nak ngo- rok,
o- ra nyam-
but ga- we,
. . 2
2 . .
2 2 .
. 2 3
. 5 5
6 6
menthog menthog mung
la- ku- mu,
. . 2
3 1 . 2 6
. 5 3
6 . 6
. 5 . 3 . 2
me- gal
me- gol
ga- we gu-
yu.
Kate- kate Dipanah
Slendro
Pathet Sanga
5 5 5
2 3 1
Te ka- te
di- panah,
1 2 3
2 5 3
2 1 1
2 3 2
5 3 2
1
di-
pa- nah ngi-
sor ge- la-
gah a- na
ma- nuk on-
dhe ondhe,
1 1 5
6 1 6
2 1
bok
sri bom bok
bok sri ka
te,
1 1 5
6 1 6
2 1
bok sri bom
bok bok sri
ka te,
Lesung Jumengglung
Slendro
P. Sanga
5 6 2
3 5 .1
6 5 3
1 2
Le- sung ju- meng-glung, sru
im- bal im- ba- lan,
2 3 6
1 2 .
5 3
2 3 5
6
le- sung ju- meng- glung, ma-
ne- kur mangungkung,
2 2 6
2 2 6
1 . 1
6 1 .
1 5 2
ngu- mandhang nge- ba- ki
sa- jro- ning pa-
de san, thok
. 2 1
2 . 2
5 2 .
2 1 2
6 1 5 2
thok thek
thok thok
gung, thok thok
thek thok thek
thok gung, thok
. 2 1
2 . 2
5 2 .
2 1 2
1 6 5
thok thek
thok thok gung,
thok thok thek
thok thek thok
gung.
Kupu Kuwi
Pelog Pathet Nem
5 3 5
6 1 6
1 2
Ku-
pu ku- wi
tak- en- cu-
pe,
3 2 1
6 2 1
6 5
mung a- bur- mu
nge- wuh- a- ke,
. . 3 3 . .
2 2 .
. 1 1
6 5 3
6
nga- lor ngi- dul ngetan
ba- li ngu- lon,
. . 2 2
. . 1 1
. . 6
5 5 6
6 5
mra-na mre-ne
mung sa- pa- ran
pa- ran,
2 . 3 .
5 . 6
. . 5
. 3 .
6 . 5
sa- pa bi-
sa ngen- cu-
pa- ke,
5 5 2
3 . 5
. 6 2
1 6 5
. 3 . 2
men- tas
mencok cle-
grok, banjur ma- bur
kle- per.
Kembang Jagung
Slendro Pathet Manyura
5 5 6
6 1 1
1 5 1
6 5 3
2 3
Kem- bang
ja- gung, o- mah
kam- pung ping- gir lu-
rung,
. . .
. 1 2
3 3 5
5 5 2
5 3 3
2 2 1
je- jer te-
lu sing te- ngah
ba- kal o- mah-
ku,
. . 1
2 2 3
1 2 3
. 1 2
2 3 1
2
gem-
pa mung- gah gu-
wa, mu- dhun nyang
bon ra- ja,
. . 5
5 1 6
5 3 1
2 3 5
3 2 2 1
me- thik
kem- bang so- ka di- ca-os- ke kan- jeng ra- ma,
. . 6
5 3 2
3 5 6
.
6 5 3 2
3 5
ma- ju
ko- we ta-
tu, mundur ko- we
a-
jur,
. . 1
2 2 5
5 3 6
5 3
2 1 3
2 1
jok- na
sa- ba- la- mu o- ra
we- di su- du- kan- mu,
1 1 6
5 6 2
6 1 1 1 6
5 6 2
6 1
i ki lho
dha- dha sa- tri- ya, i-
ki dha- dha Ga- thut- ka- ca.
4.
Tuladhanipun Sekar Macapat
Gambuh
P. Br.
7 2 2
2 2
7 23
Ju- ru ta-
man ci- na-
tur,
3 2 7
6 6 7
2 2 7 23
wi-ra tre-na ye-ku was-ta-ni- pun,
6 5 3
7 6 6
6 6 7
5 3 2
dar-be men-co ju-ga
bang-kit ta-ta jal-mi,
6 6 6
6 7
5 6 7
ing
sa-wa-ta-ra-ne mu-hung,
7 2
7 6 5
3 56 6
den um-bar a-
co-lat co- lot.
Megatruh
P. Br.
7 5 .6756
7 …. 7 7 76
5 .. 72 2 . 232
7
wong a- wu- la
ing ra- tu
lu- wih pa-
ke- wuh,
…. 5 67 72
2.32 7 6.5 576
5
no- ra ke-
na ming-grang ming-gring,
…. 5 5
32 35 ..
6 7 . 567 6
ku- du
man- tep sar- ta- ni-
pun,
…. 2 2 2
2 2 2
2 3235
se-tya tu-
hu marang Gus-
ti,
…. 5 5 36
6 .. 67
5 . 5653
2
di- pun mi- tu-
rut sa- pa-
kon.
Dhandhanggula
P. Nem
6 1 1
1 1 2
2 2 2
2
Ja- go klu-ruk ra- me
ka- pi- yar- si,
1 1 12 1
6 5 5
5 5 5
la- wa ka-
long lu- ru
pan- dhe-li- kan,
5 6 12 21
6 56 4 56565
jrih ka- wa-
nan ing se-
mu- ne,
5 6 1
1 1 123 21
we-tan bang su-
la- ki- pun,
6 56 2
1 1 1
1 1 61
mer- tan- dha-
ni yen
ba- ngun en- jing,
6 1
2 2 2
2 2
rem- bu- lan
wus gum-le- wang,
1 6
1 1 121 65
neng ku-
lo-ning gu- nung,
5 6 1
2 2 2
2 2
ing pa- de-
san wi- wit o-
bah,
1 1 12 1
6 5 5
5
5 6 12 2
la- nang wa- don
pan sam-ya a- nam- but kar- di,
5 6 1
1 1 2165 6.1
ne- te- pi ku-
wa- ji- ban.
PANGKUR
P. Nem
3 5
5 5 3
3 3 3
ming-kar ming-kur ing
u- ka- ra,
3 5
5 6 1 1 1 1 1 23 2.1
a-ka-ra-na ka-re-nan mar-di
si- wi,
5 6 1
1 1 1
123 1.2
si-na-wung res-mi-ning
ki- dung,
1
6 5 5
5 5 5
si-nu-ba si-nu-kar-ta,
3 5
5 6 6 1
1 1 1
212 3 3
mrih kre-tar-ta pa-kar-ti-ne ngel- mu lu- hur,
6 1
1 1 1
1 1 1
kang
tum-rap neng ta-nah Ja- wa,
1
2 3 1
2 3 3
2.1
a- ga-ma a-
ge-ming a- ji.
Kinanthi
Mangu P. Br.
6 7 2
2 2 2 27 2.3
Pi tik tu
lak pi tik
tu kung,
3 2 7
6 6 567 2 327
te tu la king
ja bang ba
yi,
7 2 2
2 2 2
232 7.6
nge do-ha ke
ca cing ran
cak,
5 6 67 56 3
327 723 3
sa rap sa
wan pan su
ming kir,
3 5 6
7 72 67 232 7.6
si tu kung
mang gung neng
ngar sa,
6 7 2
2 2 2
27 2327
si tu lak
nga dha-ngi wu
ri.
Sinom
P. Nem.
1 2 2
2 1 23 1 2.1
Bon-dhan kang
tan a- mer- lok- na,
1 1
1 1 1
1 2.1 6.5
mung-guh u-
ger-ing nga- u- rip,
1 2 3 1.2 6
6 653 5.6
u- ri- pe
lan tri pra - ka-
ra,
5 6 6532 356
2 2 2.3
1.2.1.6
wir- ya
har- ta tri wi- na- sis,
3.5 5
5 5 5
5 6.5
ka- la- mun kong- si
se- pi,
5 6 1 23.12
6 3
356 5.653.2
sa- ka wi- la-
ngan te- te-
lu,
1 2 3
3 3 3 1.2.3
te-las ti-
la-sing jal- ma,
6 6 6532
3.5.6 2 2 2123 1.2.1.6
a- ji go- dhong
ja- ti a- king,
3 5 5
5 5 6
1 23.12 6
3 356 53232
te-mah pa-pa
pa-pa-ri- man ngu-lan-da- ra.
C.
Gladhen
1. Katerangna titikanipun sekar dolanan
saha macapat!
2. Menapa bedanipun sekar dolanan saha
macapat?
3. Kasebatna paugeranipun sekar!
4. Kaanggita
sekar macapat (cakepanipun kemawon) ingkang trep kangge wulangan ing SD!
5. Cobi kapraktekaken sekar dolanan
saha macapat ingkang sampun kasebat ing nginggil!
D.
Kapustakan
Endraswara,
Suwardi. 2002. Tembang dolanan lan
Macapat. Yogyakarta: Swaloka.
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
PERANGAN
VI
TRAMPIL
BASA
A.
Ancasipun Wulangan Trampil Basa
Ancasipun wulangan trampil basa
menika, mahasiswa dipunajab saged:
1. nerangaken pangertosan trampil basa,
2. nerangaken pangertosan jinisipun trampil basa,
3. mangertosi cak-cakipun wulangan
trampil basa,
4. mulangaken trampil basa dhateng
siswa SD.
B.
Andharan Wulangan Trampil Basa
Trampil basa inggih
menika kaprigelan ngginakaken basa minangka pirantos sesambetan utawi
komunikasi. Trampil basa menika nyakup sekawan kaprigelan, inggih menika
mirengaken (listening), wicara (speaking), maos (reading), saha nyerat (writing).
Menawi katingalan saking cak-cakan panganggenipun basa minangka pirantos
sesambetan utawi komunikasi, sekawan katrampilan menika sambet-sinambet utawi
tetunggalan (terpadu) saha mujudaken
katrampilan ingkang manunggal, boten saged kapisahaken satunggal lan
satunggalipun.
1.
Mirengaken
Mirengaken
inggih menika lumampahipun kagiyatan nampi katrangan lisan utawi mirengaken
basa lisan kanthi nggatosaken ingkang saestu supados mangertos wedaring
suraosipun tiyang sanes.
Tiyang mirengaken menika saged katingalan saking
babakanipun utawi tahapanipun, inggih menika :
a. mirengaken swanten saha tembung
nanging boten nanggapi menapa ingkang dipunpireng,
b. mirengaken sekedhap-sekedhap kados
tiyang mirengaken seserah ingkang dipunpireng naming wos sawetawis kemawon,
sanesipun boten dipungatosaken,
c. setengah mirengaken, umpaminipun
tiyang mirengaken diskusi utawi pangandikanipun tiyang sanes, nggadahi
kekajengan supados pikantuk kalodhangan mahyakaken pemanggihipun,
d. mirengaken pasif kanthi
ngetingalaken panggatosaken nanging naming sawetawis kemawon, amargi menapa ingkang
dipunpireng sampun dipunmangertosi,
e. mirengaken ingkang cupet inggih
menika tiyang ingkang salebetipun mirengaken namung nggatosaken bab-bab ingkang
dipunsarujuki, ingkang wigatos malah boten dipungatosaken,
f. mirengaken satunggaling bab ingkang
sesambetan kaliyan pengalaman pribadi,
g. mirengaken kanthi nggatosaken
bab-bab ingkang wigatos saha katranganipun,
h. mirengaken ingkang kalajengaken atur
tanggapan,
i.
mirengaken ingkang saestu kanthi apresiatif saha kreatif.
(Anderson via Tarigan,
1983:20-22).
Jinisipun mirengaken menika warni-warni, inggih menika
mirengaken ekstensif, mirengaken intensif, mirengaken sosial, mirengaken
sekunder, mirengaken estetik, mirengaken kritis, mirengaken konsentratif,
mirengaken kreatif, mirengaken interogatif, mirengaken eksploratif, mirengaken
pasif, saha mirengaken selektif.
Mirengaken ekstensif inggih menika kegiyatan mirengaken
ingkang bebas, boten dipunarahaken utawi dipuntenggani dening guru. Mirengaken
inggih menika kegiatan mirengaken ingkang dipunkontrol saha dipunarahaken
dening guru. Mirengaken sosial inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang
lumampah kanthi sopan saha nggatosaken sanget. Mirengaken sekunder inggih
menika kegiyatan mirengaken ingkang kleres kemawon, boten mirunggan. Mirengaken
estetis inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang saking basa endah kadosta
geguritan, cariyos, lan sapanunggalanipun. Mirengaken kritis inggih menika
kegiyatan mirengaken sinambi atur tanggapan menapa ingkang sampun kapireng.
Mirengaken konsentratif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang ancasipun
sinau satunggaling bab. Mirengaken kreatif inggih menika kegiatan mirengaken
ingkang dipunsambetaken kaliyan pengalaman ingkang tundhonipun ndamel raos
remen. Mirengaken interogatif inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang saestu,
lajeng tiyang ingkang mirengaken kedah mratelakaken pitakenan ingkang wonten
sesambetanipun kaliyan menapa ingkang dipunpireng. Mirengaken eksploratif
inggih menika kegiyatan mirengaken ingkang nggadahi ancas mirunggan ingkang
narik kawigatosan, utawi topik ingkang mligi. Mirengaken pasif inggih menika
kegiyatan mirengaken ingkang boten langsung (kados dene tiyang ingkang boten
mbetahaken). Mirengaken selektif inggih menika kegiyatan mirengaken kanthi cara
dipunpilih pundi ingkang wigatos utawi pundi ingkang dipunkajengaken.
2.
Wicara
Wicara
inggih menika jinising ketrampilan basa ingkang arupi medharaken andharan
kanthi cetha, nalar saha tumata laras kaliyan konteks saha swasananipun, sarana
lisan ngginakaken manika warni wujud saha ragam basa kangge sadhengah
kaperluan.
Andharan
bab wicara ing kalodhangan menika dipuntengenaken kaprigelan sesorah utawi
medhar sabda inggih menika tiyang ingkang mbabar utawi mahyakaken satunggaling
perkawis sangajenging tiyang kathah.
Sesorah
menika kalebet gegebanganipun teori komposisi utawi ngarang (nganggit), inggih
menika komposisi basa ingkang kawedharaken mawi basa lisan. Basa sesorah menika
radi beda kaliyan basa pagineman sadinten-dinten, awit kedah ndhapuk mawi basa
baku sanes basa pagineman padinten. Dados, bakunipun ngracik basa sesorah
menika kepara langkung inggil tataranipun, awit kajawi kedah nggadhahi kawruh
komposisi, ugi sageda narik kawigatosanipun tiyang kathah ingkang mirengaken
sesorah menika.
Kalih
prekawis ingkang kedah dipungatosaken kangge tiyang ingkang sesorah inggih
menika: sesorah mbetahaken solah bawa, jejeg lan santosaning kapribadhen, sarta
sesambetan lair tuwin batos kaliyan tiyang ingkang mirengaken. Sesorah saged
ngginakaken cathetan ringkes ingkang ngemot pokok-pokokipun utawi wosipun ingkang
badhe dipunsesorahaken sarta urut-urutanipun, kosok wangsulipun menawi nganggit
karangan kedah kaserat jangkep.
Keahlian
sesorah menika wigatos sanget, awit kanthi keahlian menika badhe angsal
tuntunan kadospundi caranipun nguwaosi tiyang kathah sarta badhe nggampilaken
ngrakit andharan ingkang runtut miturut paugeraning basa. Kajawi saking menika,
karana andharan ingkang runtut sarta tetembungan ingkang wijang badhe mahanani
suraosing andharan menika badhe gampil dipuntampi dening tiyang ingkang mirengaken.
Kaprigelan
mahyakaken gagasan sarana lisan menika mbetahkaken kaprigelan ngginakaken basa
ingkang sae saha lancar kanthi linambaran kawruh basa, paramasastra, teori
komposisi sarta ketrampilan milih tembung ingkang trep jumbuh kaliyan
gagasanipun. Kejawi menika taksih dipuntambah kekendelan, solahbawa ingkang
boten goreh wonten ing sangajengipun tiyang kathah, saged nanggapi swasana
kanthi cepet saha trep kawicaksanan lan kawaskithan. Wosipun saged medharaken
gagasan ingkang tumata, urut, mawi basa ingkang sae sarta solah bawa ingkang
mranani, luwes, boten kaken. Sajatosipun sesorah menika saged kaperang dados
tigang bagean inggih menika bebuka, isinipun sesorah, saha panutup.
a. Bebuka
Ancasipun
bebuka inggih menika mbikak sesambetan utawi kontak batos antawisipun pamedhar
sabda kaliyan pamiyarsa, narik kawigatosan, nguwaosi swasana saha situasinipun
pamiyarsa ancang-ancang badhe medharaken prekawis. Isining bebuka menika wonten
sesambetanipun kaliyan wujuding sesorah, umpami sesorah pengetan dinten ageng,
sarasehan, lan sapanunggalanipun, ugi kedah laras kaliyan tujuan/ ancasipun.
Bebuka
menika mengku isi: (1) pakurmatan kanthi nyebat asma utawi pepangkatanipun para
rawuh ingkang pantes sarta prelu kinurmatan, (2) uluk salam, (3) puji syukur
dhumateng pangeran (miturut agami utawi kapitadosanipun), (4) ngaturaken
panuwun awit kalodhangan anggenipun kasuwun sesorah, (5) ngaturaken pambagya
sugeng rawuh dhateng para rawuh, saha (6) ngaturaken ringkesan wosing rembag
minangka ancang-ancang.
b.
Isining Sesorah
Isining
sesorah menika boten rembag panjang sanget awit kedah ngegeti: (1) sesorah
perkawis menapa, (2) sesorah menika kangge keperluan menapa, (3) jembaring
prekawis ingkang badhe kaandharaken lan sapanunggalanipun. Wosipun kedah
katrangaken pilah-pilah bab sesorah menapa.
c.
Panutup
Isining
panutup inggih menika: (1) ngaturaken dudutan utawi ringkesan wosing andharan,
(2) ngaturaken panuwun, menawi prelu ngambali sawetawis ingkang sampun
kaaturaken ing ngajeng, saha (3) ngaturaken panyuwun pangapunten.
3.
Maos
Maos
inggih menika jinising ketrampilan basa ingkang lumampahipun kanthi cara
nglisanaken waosan utawi basa sinerat saha mangertos wosipun utawi maknanipun
ingkang dipunmot salebeting waosan utawi basa sinerat. Jinising maos menika
wonten maneka warni. Katingalan saking kapireng lan botenipun swanten, maos
saged kaperang dados kalih, inggih menika maos dipunbatin utawi maos boten
ngedalaken swanten (silent reading)
saha maos kanthi ngedalaken swanten (oral
reading). Maos kanthi cara dipunbatin (boten ngedalaken swanten), menika
bakunipun badhe mendhet utawi badhe mangertosi wos utawi makna ingkang dipunmot
ing salebetipun waosan. Dene maos kanthi ngedalaken swanten, bakunipun
nglisanaken lambang-lambang tulis ingkang arupi tetembungan saha ukara kanthi
lagu ingkang leres.
Katingalan
saking cakupaning racikan waosan, maos saged kaperang dados maos ekstensif saha
maos intensif. Maos ekstensif menika kegiyatan maos ingkang tebanipun wiyar.
Maos intensif menika tebanipun winates, nanging kalampahan kanthi temen. Kegiyatan
maos intensif, karana tebanipun wiyar, pramila racikaning waosan kedah maneka
warni. Ing ngriki para siswa saged bebas milih waosan ingkang badhe dipunwaos.
Kegiyatan
maos intensif, karana kalampahan kanthi temen utawi saestu, racikanipun waosan
dipuncawisaken waosan ingkang winates kemawon, cekap setunggal utawi kalih.
Maos
ekstensif saged kaperang dados tiga, inggih menika maos survei, maos
satleraman, saha maos ingkang cethek. Maos survei inggih menika kegiyatan maos
ingkang nggadhahi ancas mangertosi gambaran umum wosing waosan. Maca satleraman
utawi skimming inggih menika
kegiyatan maos kanthi cepet ingkang ancasipun mangertosi isi umum waosan saha
perangan-peranganipun. Maos satleraman adatipun kangge: (a) mangertosi topik
waosan, (b) mangertosi pemanggihipun tiyang sanes, (c) mendhet perangan ingkang
wigatos, (d) mangertosi urut-urutanipun seratan, saha (e) ngengetaken isi
waosan ingkang sampun nate dipunwaos. Maos cethek (supervicial reading) inggih menika kegiyatan maos kangge mangertosi
wosing waosan ingkang cethek kemawon, ingkang ancasipun naming ngisi wekdal
kangge ngreremen pengggalih, kadosta maos kalawarti, cariyos ingkang cekak, lan
sapanunggalanipun.
Maos
intensif saged kaperang dados maos kangge mangertosi wosing waosan saha maos kangge
mangertosi basanipun. Ingkang kalebet maos kangge mangertosi wosing waosan,
inggih menika (a) maos kanthi tliti, (b) maos pemahaman, (c) maos kritis, saha
(d) maos ide. Ingkang kalebet peranganing maos kangge mangertosi basa inggih
menika (a) maos basa manca, saha (b) maos sastra. Maos kanthi tliti inggih
menika maos ingkang temen utawi saestu kangge mangertosi wosing waosan kanthi
njlimet. Maos pemahaman inggih menika kegiyatan maos ingkang ancasipun kangge
mangertosi norma-norma kasusastran, resensi kritis, sandiwara, saha pola-pola
fiksi. Maos kritis inggih menika maos kanthi temen ingkang ancasipun kangge
mangertosi wosing waosan adhedhasar pambiji ingkang rasional. Maos ide inggih
menika kegiyatan maos ingkang ancasipun kangge mendhet ide-ide ingkang wonten
ing waosan. Maos basa manca inggih menika kegiyatan maos ingkang ancasipun
kangge mangertosi saha nglancaraken ngginakaken basa manca. Maos sastra inggih
menika kegiyatan maos maneka warni wohing kasusastran.
4.
Nyerat
Pangertosan
nyerat ing mriki kawatesan mahyakaken utawi medharaken satunggaling gagasan
utawi andharan kanthi cetha, nalar, saha tumata ingkang laras kaliyan konteks
saha swasannanipun, sarana sinerat, ngginakaken maneka warni saha ragam basa
kangge sadhegah kaperluan. Dados nyerat ing ngriki dipunwatesi kegiyatan
nganggit utawi ngarang. Bab ingkang ugi kedah dipungatosaken menawi badhe
ngarang inggih menika rangka karangan saha cakriking karangan.
a. Rangka Karangan
Tiyang
badhe nyerat satunggaling karangan menika kedah cecawis langkung rumiyin.
Cecawis menika asring kawastanan rangka utawi ukara (outline) karangan. Rangka karangan saged wujud topik-topik utawi
ukara. Rangka ingkang wujud topik dumados saking satungal tembung utawi
kempalan tembung ingkang madeg minangka irah-irahan, dene ingkang wujud ukara
dumados saking ukara ingkang komplit.
Kajawi
cara kekalih menika, wonten cara malih kangge ndamel rangka karangan, inggih
menika awujud ukara topik ingkang mapan ing wiwitanipun paragraf. Sasampunipun
kadamel ukara topik kalajengaken ngracik ukara katrangan.
b.
Cakriking Karangan
Adhedhasar
ancasipun karangan, cakriking karangan menika dipunbedakaken wonten sekawan,
inggih menika (1) karangan eksposisi, (2) karangan deskripsi, (3) karangan
narasi, saha (4) karangan argumentasi.
1)
Karangan Eksposisi
Karangan
eksposisi inggih menika cakriking karangan kangge mahyakaken satunggaling bab
supados tiyang ingkang maos mangertos menapa ingkang dipunkajengaken dening
tiyang ingkang nyerat. Ancasipun karangan eksposisi kangge nerangaken satunggaling
bab dhateng tiyang sanes. Karangan eksposisi boten nggadhahi ancas badhe ngajak
utawi ndayani tiyang maos, nanging nggadhahi ancas supados tiyang ingkang maos
mangertos menapa ingkang dipunkajengaken dening tiyang ingkang nyerat. Tuladha
paragraf eksposisi saged dipuntingali ing ngandhap menika:
“Sing diarani kalawarti utawa
kalawarta, yaiku warta tinulis kang sumebare utawa terbite setengah taun
sepisan, sakwartal sepisan, sesasi sepisan, setengah sasi sepisan, lan seminggu
sepisan, dadi ora saben dina kaya ariwarta utawa ariwarti. Dene ariwarti, yaiku
warta tinulis kang dibabar saben dina, dadi sarana kang wigati tumraping
masarakat.”
2)
Karangan Deskripsi
Karangan
deskripsi inggih menika cakriking karangan ingkang mahyakaken satunggaling bab
miturut kawontenanipun, ngantos tiyang ingkang maos saged ngraosaken kados dene
dumados saestu. Karangan deskripsi beda kaliyan karangan eksposisi. Bedanipun
mapan ing ancasipun. Karangan eksposisi ancasipun supados tiyang ingkang maos
mangertos ingkang dipunkajengaken tiyang ingkang nyerat, menawi karangan
deskripsi ancasipun supados tiyang ingkang maos ngraosaken kadadosan utawi
satunggaling bab kados dene kadadosan saestu. Tuladha seratan deskripsi inggih
menika.
“Masjid Agung Surakarta wiwit biyen
tumeka saiki ajeg dirawuhi sanak kadang sing padha nindakake ibadah sholat,
kanthi ijen lan jama’ah. Hawane sing silir lan papane sing bawera amba, sawise
padha nindakake sholat lan dzikir banjur padha ngaso ing serambi masjid sinambi
leyeh-leyeh. Kompleks masjid uga wis ana sakehing fasilitas, ing antarane:
pawudon, WC, papan parkir, lan sapanunggalanipun. Ing sisih lor wewangunan
masjid ana menara dhuwur, papan kanggo adzan. Manggon ing sisih kidul wetan
sajroning masjid tinemu bedhug agung Bedhug Kyai Tengara, lan sangarepe masjid
ana gapura lumebu menyang komplek masjid.”
3) Karangan Narasi
Karangan
narasi inggih menika cakriking karangan ingkang mahyakaken satunggaling
kadadosan. Ancasipun, kangge mahyakaken dhateng tiyang ingkang maos ngengingi
menapa ingkang sampun dumados. Karangan narasi menika awujud biografi saha
otobiografi, anekdot, saha insiden, sketsa, saha profil. Tuladha karangan
narasi:
“Raden Ngabehi Ranggawarsita nalika
timur asmanipun Bagus Burhan. Panjenenganipun miyos kala dinten Senen Legi 10
Dulkangidah taun Be 1728 utawi 15 Maret 1802. Taun miyosipun tinengeran
sengkalan “Bujangga nembah pandhita Ji” (1728). Bagus Burhan menika putranipun
Mas Pujangswara. Saking ramanipun kaprenah tedhak kaping tigawelas saking
Sultan Adiwijaya ing Pajang. Dene saking ibunipun kaprenah tedhak kaping sadasa
saking Sultan Trenggana ing Demak.”
4) Karangan Argumentasi
Karangan
argumentasi inggih menika cakriking karangan ingkang ancasipun ngyakinaken
dhateng tiyang sanes. Karangan argumentasi mahyakaken menapa-menapa ingkang
kedah dipuntampi saha menapa-menapa ingkang kedah dipuntolak. Wujudipun
karangan argumentasi arupi pratelan argumen-argumen satunggaling bab ingkang
badhe dipunwahyakaken. Tuladha karangan argumentasi inggih menika:
“Sledri (Apium gravolens), tanduran
iki bisa ditandur kanthi nggunakake pot. Sledri bisa dimanpaatake kanggo bumbu
masak, uga bisa dadi tamba, kanggo ngedhunake panas, nyuburake rambut, tanpa
efek samping. Godhong lan gagange duwe manpaat werna-werna. Sledri ngandhut
protein, belerang, kalsium, besi, fosfor, zat kimia sing bisa ngancurake
radikal bebas, biang penyakit kanker, vitamin A, B1 lan vitamin C.”
C.
Cak-cakipun Wulangan Trampil Basa
ing SD
Trampil basa
prayoginipun dipunwulangaken kanthi terpadu, antawisipun sekawan katrampilan/
kaprigelan, inggih menika mirengaken (listening), wicara (speaking), maos (reading),
saha nyerat (writing). Ananging kedah
ugi dipungatosaken kelas ingkang dipunwulang saha kajumbuhaken kawontenan
sakiwa tengenipun siswa (kontekstual).
D.
Gladhen
1. Kaandharna pangertosanipun trampil
basa!
2. Kaandharna pangertosan saha
tuladhanipun sekawan kaprigelaning trampil basa:
a.
nyemak (listening),
b.
wicara (speaking),
c.
maos (reading), saha
d.
nyerat (writing).
3. Kados pundi cak-cakanipun mulangaken
trampil basa dhateng para siswa SD?
E.
Kapustakan
Sutrisna
Wibawa, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah
Mata pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar