Minggu, 25 September 2016

CERKAK

Pituwase wong seneng ngapusi


Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi sing kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane. Eman, dene anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong tuwane. Dhasar anak lanang mung siji, mangka sugih mulane sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe.
Sakjatine Marno iku bocah sing pinter, ning emane kepinterane mau sok kanggo minteri, lan ngapusi wong tuwane. Lan saking pintere anggone ngapusi nganti ora ngetarani, lan wong tuwane ora krasa. Wusana Marno rumangsa lega, awit oleh-olehane anggone ngapusi wong tuwane iku, bisa keturutan kabeh kasenengane.
Pinuju wayah sore, Pak Dhukuh lenggahan ana ngarepan, pirsa putrane wis dandan mlithit kaya pacakane cah sing wis dewasa nganggo kathok dawa. Mlebu metu kamare, karo nyangklong tas isi buku. Ngerti bapakne lenggahan ijen ana ngarepan, Marno banjur gage nyedhak karo alon matur :
“ Pak!, Astreane kula bekta sekedhap nggih!”.
“ Arep menyang ngendi ta Mar?”, pandangune bapakne karo nyawangi.
“Anu….. ajeng belajar bersama teng Janturan nggene Bawa, Pak!. Pak Guru rak dhawuh ken belajar per kelompok ngge ngadhepi ulangan Minggu ngajeng”.
“O……, ning apa yah mene ya wis arep budhal?. Rak ya cedhak to nek mung neng Janturan wae, apa mengko bar-bar surup rak ya bisa!”.
“Kalih ajeng nyambut buku teng Mburikan nggene mbak Tri niku, Pak!, jeneh Bapak disuwuni dhuwit ngge tumbas buku dereng sida-sida diparingi!”.
“ Pira ta Mar regane buku kaya sing mbok karepake kuwi?”.
“ Ah mirah kok Pak, namung sedasa ewu. Kantun kula lho Pak sing dereng gadhah!”.
“Wah semono kathik kandhamu murah, apa dikira gampang pa golek dhuwit semono kuwi?. Ning ya wis sesuk tukua ndak wenehi dhuwit, nek nyilih terus mundhak ngganggu sinaumu!”.
“Artane sak niki mawon Pak!, ngenjing Bapak mindhak kesupen malih!”.
“Ambumu Mar, nek disaguhi ki mesthi njur nggujeg tanpa kena disemayani. Mbok nek dikongkon nyambut gawe kae koyo ngono kuwi, gage dilakoni, dadi wong tuwa lega”. Bubar kandha ngono, Pak Saiman banjur menyat mlebu kamar, baline metu wis nggawa dhuwit puluhan ewon kaulungake marang Marno karo kandha:
“ Sing ngati-ati lho Mar, balimu aja wengi-wengi!”. Sing diweling ora mangsuli.
Marno saktemene ora lunga belajar kelompok, ning wiwit ngaso ana sekolahan mau wis kansen karo Hardi yen arep nonton sorot. Hardi iku kanca rakete Marno, kang uga anake wong sugih, ning merga kekerepen anggone mbolos, mula sekolahe dadi bodho. Ya Hardi iki sing ajak-ajak Marno mbolos, dolan, jajan. Sore iku Hardi wis siap neng ngarep omahe ngenteni Marno, dene bapak ibune lagi padha nyumbang. Dadi, ngomah sepi. Ora suwe Marno katon teka ngampiri, sore iki sing arep ditonton fileme wong diwasa tuju belas taun ke atas. Sakwise mateni mesin motore, Marno sing lagi arep sepisan ji kuwi nonton banjur takon :
“ Piye Har nek aku mengko ditolak ora entuk mlebu?”.
“ Ra mungkin Mar angger penampilanmu sing bisa, digawe gayamu kaya cah gedhe. Jaketmu benikna sing rapet, aja lali rokok disumet sanajan kowe durung doyan. Karo maneh mlebune mbarengi yen wong pinuju suk-sukan kae dadi ora ketara!”.
“Ya wis ayo!, wis setengah pitu je Har, mengko mundhak telat. Piye kowe wis pamit karo bapak ibumu?”.
“ Cekake beres Mar sing neng ngomah mung Yu Nem, Bapak karo ibu lagi njagong”. Bocah loro banjur padha budhal boncengan. Kabeh rancangan saka ngomah dadi, sidane Marno bisa kasil nonton merga saka teorine Hardi sing pranyata julig. Ora lali mulihe mampir jajan sak katoge. Gandheng isih ana rasa wedi karo bapak ibune, mula sak bubare ngeterake mulih Hardi, Marno terus mulih. Tekan ngomah wis setengah sepuluh. Bapakne wis sare, ning ibune isih nunggu mulihe Marno karo nonton TV. Krungu anake bali banjur gage mbukak lawang karo takon:
“ Kok nganti yah mene ta Mar?, iki wis wengi lho?”.
“Ah ibu ki kok aneh, nek belajar kelompok niku momong kanca Bu. Nek kancane dereng ngajak leren rak nggih isin ta ajeng ndhisiki mulih!”.
“ Ibu kuwi ming takon kok Le, karang ora ngerti. Wong Ibu kuwi biyen nek sinau ya mung neng ngomah, ora ndadak nganggo kelompok- kelompokan barang kaya jaman saiki!”.
Yoh kana wis ndang wijik njur mangan, mengko gek ndang ngaso mundhak sesuk kerinan. Kowe rak ya sekolah kaya adate ta?”.
“Enggih!, ning kula teng nggone kanca wau empun disuguh mangan kok Bu, ajeng tilem mawon”.
“Ya wis kana!, aku ya wis ngantuk je Mar, dhasar awan mau ya ora nglegeyeh”. Marno banjur mlebu kamar mapan turu, semono uga ibune. Kahanan malih sepi. Sanajan mripate direm-remake, ana ing kamar Marno tetep durung bisa turu. Adegan-adegan panas sing kudune mung kanggo utawa ditonton wong diwasa, kuwawa mbebidhung atine. Wis kesel anggone bola-bali miring ngiwa utawa nengen ning tetep angel bisa turu. Sakjane atine kepengin nglalekake, ning gambar-gambar mau tansah cumithak ing pengangen-angene, sing saya suwe marahi ana rasa sengsem.
Lagi bareng jam tembok keprungu kumlonthang kaping pindho Marno lagi bisa mak les keturon. Mbok Manawa wae turune nggawa impen endah, impene bocah sing digege mangsa, sesawangan sing kudune durung mangsane disawang. Embuh kanthi cara kepiye sidane Marno nganti bisa munggah klas telu. Senajan lagi umur nem belas tahun nanging lagak lagune wis kaya wong diwasa. Apa maneh sing jeneng udut ….. ngrokok……, saiki Marno wis biasa. Ora wedi, lan ora jiguh pakewuh neng ngarepe sapa wae, klebu bapakne. Biyen nalika konangan sing sepisanan dilokake malah wangsulane :
“Dene Bapak nggih udut!. Cah lanang niku nek mboten ngrokok dha diunekake banci je Pak, tur nek sak niki niku empun umum. Sewu siji sing mboten ngrokok”. Bapakne diwangsuli kaya ngono mau mung trima meneng, atine kelara-lara mula njur ming trima lunga karo ngelus dhadha. Nek njaluk dhuwit sak deg sak nyet werna-werna alasane. Endi sing nggo tuku buku, tarikan tuku alat-alat olah raga, mbayar olehe melu latihan bela dhiri, pokok apa wae kena kanggo alasan. Dhasar bapakne mono rak nyambi dagang hasil bumi gedhen-gedhenan, dadi bisa wae Marno kanthi dalan nilapke wong tuwane nggogohi laci dhuwit sing tansah kebak iku kanthi ora ketara.
Saiki kancane ubyang-ubyung ora mung winates kanca sekolah, nanging wis amba tebane. Akeh kanca raket saka liya desa, sing sakjatine ora babag umur-umurane. Ning gandheng padha kesenengan lan pekaremane mula banjur dadi mitra raket.
Acarane Marno ajeg luwih-luwih yen malem Minggu. Sore sakwise tutug anggone padha nongkrong obrol-obrolan neng pinggir dalan karo nggodha yen ana bocah wadon liwat, diterusake gitar-gitaran, rokokan malah saiki wis nganggo ngombe barang kepara mabuk-mabukan. Yen pamite saka ngomah mono genah, arep tandhingan voli karo kanca-kancane neng njaban kutha.
Bapakne mung tansah percaya, merga sibuk karo dagangane, lan nggawe lapuran-lapuran kanggo Kepala Desa ngenani Dusun sing dadi tanggung jawabe. Ibune ora tau kemingkang saka pawon karo rewange, merga ngurusi mangane kuli-kuline sing akeh.
Kabeh-kabeh sibuk, lan Marno dhewe uga sibuk karo acara-acarane sing tansah nyenengake ati lan nguja kemareman. Saiki srawunge wis ora pili-pilih lan saya ora nggenah, sapa wae sing gelem diajak ubyang-ubyung mesthi dadi kancane. Malah kerep wae Marno melu uyak-uyuk karo cah-cah sing dha seneng kerengan kebut-kebutan, sing tundhone mung marahi sugih mungsuh. Sapa sing menangan lan kendel dienggo umpan dianggep jagoan.
Marno saiki ora mung seneng ngebut nganggo kendharaan rodha loro, ning rodha papat uga wis trampil lan baut. Yen pinuju numpak kendharaan, isin yen nganti dilancangi utawa disalip, malah sasat angger sopir wis padha ngerti lan apal karo watake Marno. Kadhang yen wektu wis lingsir wengi, dheweke karo kancane balapan motor neng ndalan gedhe. Njur kaya ngapa rasane wong sing padha weruh lan ngepasi liwat?. Kejaba wedi sing mbangeti, mesthi uga bakal ketrucut pamujine sing ala. E muga-muga cah kaya ngono kuwi nabraka cagak tilpun apa njungkela neng kreteg, mesthi ngono.
Ya kaya ngono iku pegaweane Marno sak kancane. Bali sekolah yen ana ngomah dina-dina mung turu.
Malem Minggu ing wayah sore nalikane lagi padha nongkrong ing pinggir dalan, Triman sopire Bah Jin kandha ngene :
“Kaya montore bapakmu kae anyar ya Mar?, kae lho sing saiki dicekel Gombloh?”.
“Iya!, kae mung jaga kanggo ngangkut gabah, dudu montor apik ora kena kanggo mbajul!. Ana apa ta Man?”.
“Ya ora apa-apa mung takon. Mestine rak isih thokcer ta?”.
“Ya terang ta Man, genah lagi telung sasi ngono kok”.
“Wah mbok jajal Mar sekali-sekali dienggo ngompreng, mengko aku sing nyopiri”.
“Wegah ah!, ngompreng mono rak ngopeni dhit ora mingsra, ora sumbut nek ditandhing karo kesele awak”.
Marjo kenek sing wiwit mau mung meneng wae nyambungi ngglayem :
“O………, kok ngompreng ngono!. Rakya ngompreng sing sekali tarik kira-kira kena kanggo seneng seminggu. Golek penumpang sing empuk ning tanja. Kaya dhek emben kae ya Man?, jan seeeeeedhaaaaap!”. Kandha ngono mau karo ngacungake jempole.
Triman gage nyaut kandhane Marjo semu ngombyongi :
”Iya lho Mar, nek entuk-entukan lumayan. Ora pijer mung njaluk wong tuwa wae kaya kowe kuwi. Apa maneh nek olehe ngenehi karo ndadak penuh selidhik kaya bocah cilik, wah neng ati rak mung marahi mangkel. Seje karo nek awake dhewe bisa golek dhewe, sekali-sekali rakya ora apa-apa!”.
“Edan!, jawane kowe-kowe kuwi ngajak aku nodhong ngono pa?”.
“Ora kok nodhong Mar. Nek jeneng nodhong kuwi sak ora-orane rak kudu duwe kekuwatan tur gedhen-gedhenan”. Triman nyoba nerangke.
Marjo mbumboni guneme Triman sing semu nganggep sepele apa sing arep ditindaki.
“Nek awake dhewe kuwi kaya dene mung memet Mar, trima cilik-cilikan tur sing ora gedhe resikone. Pokoke pawitane mung pinter omong lan ati sing tatag”.Marno isih tetep thingak-thinguk dhasar ya pancen durung tau nglakoni. Kenakalane mung mligi golek seneng sing tanpa pamrih darbeking liyan. Weruh patrape Marno mau, Triman saya nggrengseng lan tlaten anggone ngandhan-ngandhani mulut lan mepengin tembunge kebak ing pengajak :
“Wis ta Mar, yen kowe durung mudheng kapan-kapan melua aku, ning aku silihana montor. Kae lho Colt sing sok dianggo ngurus dagangane bapakmu!, mengko kowe rak ngerti piye carane golek dhuwit”.
Sanajan atine isih monga-mangu lan gojag-gajeg, ning batine ora mentala arep nulak pangajake kanca, wusana ketrucut tembunge :
“Ya ta, ning aku mung melu lho ora nindakake. Dene yen ming bab montor we gampang mengko tak silihi”.
Dinane Sabtu, Marno bali saka sekolah isih esuk, ditakoni ibune jare gurune rapat. Karo mlebu metu pawon nyauti panganan Marno nyekeli majalah “Pemuda” kang banjur diwaca ana ngarepan. Bapakne ya Pak Sadiman uga ngisis lungguh kursi ing sandhinge. Sakwetara Marno anggone ngolak-alik majalah, katon yen atine ora jenjem. Ora suwe kawetu tembunge lirih karo nyawang bapakne :
“Bapak sak niki ajeng tindakan mboten Pak?”.
“Ora!, ana apa ta Mar?”.
“Nek mboten tindak colte ajeng kula bekta medal sekedhap pados diktat”.
“Motormu ya gene kok seneng men ngrusuhi?”.
“Rewel niku Pak, ngenjing saweg ajeng kula serviske”.
“Karepmu kana, anggere sing ngati-ati!”.
Entuk palilahe bapakne, Marno banjur menyat saka lungguhe mlebu kamar. Metu wis ganti kathok Levis ndhuwurane kaos ireng lengen dawa, sing ing dhadhane ana gambare endhas buta. Dhasar colt isih neng latar, mula banjur wae munggah. Sakwise mesin diuripake let sedhela banjur bablas. Sing dituju omahe Triman. Tekan omahe Triman kepara mruput merga kangsene jam telu kathik jam rolas Marno wis teka.
Mula bareng lagi wae teka wis diswarani karo Triman tembunge :
“Kok mruput Mar, kancane nek yah mene rakya durung genep!”.
“Kanca sapa maneh?, lha kuwi Marjo wis teka, njur isih kudu nunggu sapa?”.
“Pancen sakjane wong telu wis cukup, ning kowe rak durung biasa nyambut gawe, mula kene dienteni, idhep-idhep karo ngasokake awak!”. Marno anane mung manut.
Kira-kira jam loro, Dikun kancane Triman teka. Dikun iku uga sopir ning mung pocokan. Tekane Dikun nggawa koper gedhe lawas sing njerone wis ora kalap. Sakwise ditepangake Marno, Dikun banjur bikut dhewe. Nggoleki barang bekas, ana kaleng kosong, kertas lungset kalebokake neng njeron koper. Bareng wis kebak banjur ditutup rapat. Marno gumun banget nyawang iku kabeh, ning arep takon sungkan.
Jam setengah telu Triman ngajak budhal sing dituju Terminal. Saka ngomah isine colt wong papat. Triman kang minangka sopir, Marjo kernet, Marno lan Dikun. Sak durunge teken Terminal Dikun sak kopere diudhunake, Colt bablas mlebu. Banjur milih papan sing sekira mapan kanggo pasang jaring, colt tumuli diparkir.
Marjo mudhun, banjur golek penumpang kaya kernet-kernet liyane. Mrana-mrene bengak-bengok karo pethitha-pethithi ditutake Marno.
“Yogya Magelang, Yogya Magelang sudah mau berangkat!. Mari pak, bu Yogya Magelang!”. Ngono bola-bali pambengoke. Triman ngadeg ana sandhing colt udut nglecis ngumbar mripat golek mangsan. Ning mbok menawa pancen lagi apes kanggone bocah-bocah mau, denea ing atase wiwit jam telu nganti meh jam setengah enem kok tanpa oleh penumpang. Pengarep-arepe wis tipis, pijer-pijer Marno wis kudu ngejak mulih wae, sing marakake atine Triman dadi risi. Lagi wae ana karep arep bali, ndadak saka kadohan Triman weruh wong wadon tuwa nggawa koper sajak kabotan. Triman gage mlayu nyedhaki karo takon :
“Ajeng tindak pundi Bu?”.
“Ajeng mantuk teng Kronggahan, saking mendhet mori teng nggene adhi kula!”, wangsulane wong wadon tuwa mau.
“Keleresan colt kula ajeng teng jurusan Magelang, mangkeh kula ampirke ngilen sekedhap. Kula mesakke njenengan empun sepuh, mangka niki empun meh surup”. Wong tuwa kuwi mikir-mikir sedhela wusanane njur manut kandhane :
“Nggih kula manut, ning tulung nggih Nak, kula mangkeh dingilenake sekedhap!”. Wong wadon tuwa mau banjur ngetut lakune Triman, bareng arep munggah colt Triman Kandha : “Bu, kopere sukakke ngajeng mawon mangkeh nek mandhap kula tulungi!”. Karo kandha mau koper wis terus digawa neng sopiran. Ora wuwe Dikun njedhul uga banjur munggah Colt. Ning lagi wae lungguh Marjo cluluk :
“E mas …, niku kopere sukakke ngajeng mawon!”. Dikun uga banjur ngulungake koper marang Marjo gayane kaya wong durung kenal kae. Bubar iku banjur mak byuk ana yen mung cah sepuluh wae nenganggo seragam SMA, jare mentas padha tandhingan voli. Ngerti colt jurusan Magelang banjur padha nunut ning mung tekan Pingit neng kana wis ana pethukan. Kabeh wis munggah, mesin wis diuripake. Ndilalah Marjo weruh gadhis mlaku sajak ana sing digoleki. Gawane tas ngrengkek dicangklong neng pundhake. Weruh iku Marjo aweh sasmita marang Triman, sing dikode tanggap. Mesin bali dipateni, Marjo marani dununge Kenya karo takon :
“Teng pundi Mbak?”.
“Teng Cebongan!”.
“Ngga sareng colt kula niki mawon!”.
“Lho niki teng jurusan pundi?”. Pitakone si kenya nlesih.
“Ajeng wangsul teng Magelang, ning saged kok mbak kula medal Cebongan. Niki ibu niki daleme nggih Kronggahan. Pun ngga mbake sareng mawon!”. Kenya mau uga banjur ngetut buri Marjo.
Pancen nyata njero wis kebak penumpang, mula Kenya mau uga banjur arep munggah. Ning lagi wae manyuk, Marjo gage aba karo nyandhak tase kenya mau :
“Mbak tase sukakke ngajeng mawon mundhak ngebak-baki!”.
“Mboten sah!”, kula saged mangku tur tas kula rak mboten rowa!”. Kandha ngono karo tetep nyekethem tase.
“Ah mbake iki kok wangkal, pundi mengko kancane ndhak dha meri!”. Tanpa ngenteni wangsulan, Marjo wis bisa ngrebut tase kenya mau saka tangane terus diuncalake ing sopiran.
“Koper kula nggih disukakake ngajeng kok Nak!”, mengkono kandhane wadon tuwa ing sandhinge. Kenya mau mung manthuk tanpa mangsuli. Ora suwe colt mangkat. Ing njaba lampu listrik ing sak uruting dalan wis padha urip. Lakune colt mamprung banter tansah nglancangi kendharaan sing ana ing ngarepe. Tekan lor prapatan Pingit colt mandheg, ngudhunake bocah-bocah sing mentas padha tandhingan. Colt bali mamprung, Kricak wis kliwatan. Bareng tekan protelon Jombor colt meinggok ngiwa Mraen terus Nganti. Saka kene bulake rada amba, biyen kerep ana wong dibegal ing tengah bulak iku. Tekan wetan ngebuk desa Kronggahan wis peteng, neng kono colt mandheg lan sopir Triman mbengok :
“Bu!, niki pun dugi Kronggahan gek ndang medhun!”. Krungu dielingake, wong wadon tuwa mau semu gugup banjur mudhun. Bareng tekan ngisor lagi nglegewa, yen olehe ngudhunake isih rada adoh karo desa. Mula guneme :
“Olehe ngudhunake kok teng ngriki Nak?”, ning nggih pun mboten dadi napa. Pundi gawan kula?”. Triman nglirik Marjo, sing dilirik tanggap. Mula kandthi cepet marjo ngulungake koper semu diuncalke. Ngerti dudu kopere, wong wadon mau setengah mbengok kandha :
“Niki dede koper kula Nak!”.
“Ontene mung niku Bu!”. Karo mangsuli mau, sopir Triman wis karo mbandhangake colte. “Saka kadohan si kenya mau isih weruh ibu tuwa iku gulung koming karo ngawe-awe akon mandheg, nanging ora digubris colt terus mbandhang. Kenya mau ketara yen unjal ambegan karo mbenakake jakete. Marno sing lungguh anteng ing ngarepe kenya mau mung nyawang wae sing ditindkakake kanca-kancane. Tekan wetan desa Getas, wong lanang sing lungguh ing sisihe aba mandheg. Colt uga banjur mandheg. Wong mau uga banjur nyedhak ing sopiran sengadi njupuk barange. Ora koyoa kagete si kenya bareng ngerti yen sing diulungake iku tas duweke.
Kanthi nglirik ning ora ngetarani, kenya ngerti yen sing diulungi tas iku mesthi wis ana sambung rapete karo sopir.
Nanging kenya mau tetep anteng, malah ethok-ethok ora ngerti. Saiki Marno lagi dhong tenan mungguh kepriye carane kancane mau anggone golek dhuwit, O………jebul ngono ta carane, ngono batine. Tekan lor Klurahan Tlagahadi Marjo takon :
“Mandhap pundi mbak?”.
“Pratelon w etan Kecamatan”.
“Wah kok ndadak ngidul mbak?”.
“Ning sampeyan wau pun janji saguh, ngerti kula, pokok medhun wetan kecamatan.” Kandhane kenya mau kalem, lungguhe ora mobah ora mosik sing njalari Triman lan Tarjo ana rasa sungkan. Tekan prapatan Cebongan colt menggok ngidul, wusana tekan protelon Kecamatan colt mandheg, Marjo kandha “Ngriki napa mbak?”.
“Kidul kuwi sithik!”. Wangsulane kenya kalem. Marjo nglirik sopir, wusana sopir kandha :
“Empun mbak ngriki mawon, kula baline ngalor mundhak kadohan!”.
“Iya becik, ning endi tasku?”. Swarane kenya lantang lan mantep sarta ora mingset saka lungguhe. Karo ethok-ethok ribut nggoleki kiwa tengen sopiran, Marjo takon : “Apa mau mbake kuwi nggawa tas ta Mar?”.
“Kaya ora ki Man!, nyatane kono ora ana tas ngono kok!”, wangsulane Marjo grogi.
“Pokoke aku emoh mudhun, yen tasku ora mbok balekke!, lan kowe kabeh mengko bakal ngerti akibate”. Ngono pangancame kenya mau tandhes. Ngerti kancane diancam penumpang mau, atine Marno wiwit ketir-ketir, ya sanajan wong wadon ning nyatane bener, lan Marno dhewe ya nyipati nalikane tase kenya iku diulungake Dikun sing nembe wae mudhun. Sarehna kancane mung dha meneng wae, Triman nekat. Gas digedheni rekane colt arep dibandhangake ngulon dalan jurusan Kebonagung. Bab udreg-udregan karo penumpang beres, janji wae ora ana ing papan kono. Angkatan colt nyendhal merga digas ngeget,ning bareng karo iku keprugu swara thor…….. thor ……….thor, lan kaca ngarep sopiran kumrompyang pecah. Saka mburi keprungu swarane si kenya prentah :
“Yen ora kepingin pistul iki nyasar ing sirah-sirahmu kabeh, ayo bali lan mandheg ing sisih kidul sak ngareping kantor Polisi kuwi!”. Triman nyawang ing kaca spion, katon si kenya wis mepet mburi lungguhe karo siap pistul ing tangane diathungake mengarep tumuju dheweke lan Marjo. Karo ndredheg keweden, gelem ora gelem Triman ngenggokake Colte tumuju ing kantor Polisi. Marjo mung ngoplok lungguh anteng ing sisihe Triman ora wani obah, dene Marno wel-welan saking wedine.
Raine Marno malih pucet kaya mayit, lungguhe sedhoprok ing jrambahe colt, kringet adhem metu byuk-byukan ambegane krasa seseg. Marno ora ngira babar pisan yen bakal kaya ngono keadeyane. Tekan ngarep kantor Polisi, sing jaga gage mlayoni, semono uga sing ana ing njero pating jredhul metu merga mentas wae krungu tembakan. Bareng colt wis dikepung Polisi, si kenya mudhun terus diserbu pitakonan kanca-kancane. Pak Dansek semono uga metu. Sakwise si kenya aweh kurmat, Pak Dansek ndangu :
“Serda Sita!, bagaimana tugasmu mencari jejak perampokan itu?”.
“Berhasil Pak, dan waktu saya mau pulang, diajak main-main sama pemuda-pemuda ini. Tas saya diturunkan di sebelah timur desa Getas, dan koper di dalam itu milik seorang ibu tua dari desa Kronggahan”.
“Baik!, trima kasih Serda, sekarang tugasmu sudah selesai”. Bubar ngendika mengono iku Pak Dansek dhawuh karo Polisi sing padha kupeng tembunge :
“Yang dua itu masukkan ke dalam sel, dan temani sopir itu dua orang untuk mengambil tas Serda Sita”. Marjo lan Marno diseret saka colt arep kalebokake ing sel.
Kanthi diapit ing Polisi loro kiwa tengen, Triman dipeksa nglakokake colte methuk Dikun sing nggawa tase Sita. Ana sel, Marno gulung koming karo nangis sesenggrukan, sing diucapake mung tansah njaluk ngapura bapak ibune. Atine rumangsa getun. Getun anggone tansah ngapusi wong sing nresnani kanthi tulus marang awake. Saiki Marno lagi krasa bareng wis ngundhuh pituwase. Anggone seneng ngapusi.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar